Showing posts with label Susastra. Show all posts
Showing posts with label Susastra. Show all posts

Tuesday, 16 March 2021

NOVEL BAHASA JAWA

Apa kuwi novel? Apa sampeyan wis tau maca novel? Sakdurunge mangerteni babagan novel, prelu mangerteni babagan kasusastran jawa, amarga novel kuwi kalebu salah siji perangan saka kasusastran. Apa kuwi kasusastran?
1. Pangerten Kasusastran
Kasusastran yaiku saka tembung susastra kang pikantuk wuwuhan ka + an. Tembung susastra saka tembung su + sastra, su tegese endah utawa sae, sastra tegese seratan. Dadi tembung susastra tegese seratan kang endah. Wuwuhan ka + an nggadhahi teges perkara kang ana gegayuhane karo seratan kang endah. Kassusastran iku keperang dadi 4 periode, yaiku :
  • Sastra Jawa Kuna : Sastra Jawa kang ana sakdurunge ana pengaruh agama islam.
  • Sastra Jawa Pertengahan : Sastra Jawa kang ana nalika jaman kerajaan Majapahit yaiku antarane wiwit abad 13 tekan abad 16. Ing jaman iki wiwit dikenalake geguritan (puisi Jawa) kang nduweni paugeran/pathokan utawi mentrum Jawa kang diarani kisung.
  • Sastra Jawa Baru : Sastra Jawa kang ana nalika agama islam mlebu ing tanah jawa, yaiku saka tlatah Demak. Ing jaman iki wiwit dikenalake kasusastran kayata serat, suluk, babad. Lsp.

a.

Serat

Kasusastran Jawa kang bentuke tembang macapat lan ngemu piwulang/pitutur luhur babagan gayute manungsa. Tuladha : Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat Centhini,  Serat Nitipraja, lsp.

b.

Suluk

Kasusastrasn Jawa kang ngemu pituduh/piwulang/pitutur luhur babagan gayute manungsa lan Gusti Kang Maha Kuwasa. Tuladha : Suluk Wujil, Suluk Linglung, Suluk Malang Sungsang, lsp.

c.

Babad

Kasusastran Jawa kang ngemu crita sawijining papan utawa wong kang misuwur. Tuladha : Babad Prambanan, Babad Tanah Jawi, Babad Diponegoro, lsp.


  • Sastra Jawa Modern : Sastra Jawa kang ana wiwit jaman penjajahan Jawa tekan saiki. Rikala jaman biyen, para tiyang Walanda maringi pangertosan babagan kasusastran barat kayata esai, roman, novel. Fable, legenda, lsp.
  1. Esai : Seratan kang nggambarake sawijining pamanggih babagan sawijining perkawis.
  2. Roman : Kasusastran kang bentuke gancaran (prosa) kang ngadhahi tema kasmaran
  3. Fable : Cerita fiktif kang paragene awujud kewan
  4. Legenda : Kasusastran fiktif kang ngemu crita babagan dumadine sawijining papan
  5. Novel : Kasusastran fiktif kang misuwur, wujude gancaran (prosa) kang dawa.
Pangerten Novel
Novel yaiku kasusatran kang wujude gancaran (prosa) ingkang dawa, ngemu cerita kahuripan manungsa karo wong liya, lan ngegesake watak saha sipat para lakon. Uga bisa disebut menawa novel kuwi ngemu konflik sing maneka warna (kompleks), perkara sing ora bisa ngrubah nasib, mung nyritakake salah siji kahanan manungsa kang manika warna (kompleks).

Unsur-Unsur Novel
Kanggo mbanggun salah siji cerita, novel nduweni unsur-unsur kang ana sesambungane antara siji lan liyane. Unsur-unsur kang mbangun mau kaperang dadi 2 jenis, yaiku unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik.
Unsur Intrinsik Novel
  • Tema : gagasan pokok / ide pokok kang dadi undering rembug
  • Alur : rerangkening utawa urutaning crita wiwit lekas nganti pungkasan.
  • Paraga : wong kang nglakoni ana ing lumakune crita, saka paraga iku bisa ngerteni watak lan gagasane.
  • Watak : sikap paraga ana ing njero novel (protagonis lan antagonis)
  • Setiing/latar : papan,swasana dumadine crita
  • Sudut pandang : posisi pangripta/penulis ing crita
  • Amanat : pitutur luhur/ pesen sing arep diwenehke saka penulis kanggo sing maca. Amanat sipate migunani.
Unsur Ektrinsik Novel
  • Biografi penulis lan latar belakang penulis
  • Kisah ing mburi layar
  • Nilai-nilai sing ana ing masyarakat (sosial, ekonomi, agama,lsp.)
Tuladha Pethilan Crita Novel



....................................................................

Ana sawijining nonoman jenengé R. Sukmana umuré 19 taun, murid MULO duwé kanca kenya, jenengé RA. Tien Tisno-wati putri Sala asli, putrané RB. Jayèngsubroto, pènsiyunan Wedana Bayalali. Dalemé ana Kampung Tamtaman, isih da-rahing priyayi luhur turun ningrat. Kenalé R. Sukmana karo RA. Tien Tisnowati wis lawas banget. Mauné kenalé nonoman loro mau ya mung lugu baé. Nanging lawasing lawas, sakaroné banjur padha thukul rasa katresnan. R. Sukmana tresna karo RA. Tien Tisnowati, Tien Tisnowati nimbangi katresnané. Dadi wis jumbuh loro‑loroné padha kadunungan tresna kabèh, ma-lah nganti wis padha prasetya yèn ing tembé buri padha arep urip bebarengan. R. Sukmana bungah banget atiné, duwé pa-cangan RA. Tien Tisnowati mau. Sepisan dhasar isih darahing ngaluhur, rembesing kusuma, turuning wong andara warih. Kapindhoné atèn-atèné becik lembah manah. Kaping teluné kasulistyané RA. Tien Tisnowati tanpa tandhing, pindha golèk kencana. Kaping paté sing baku padha tresnané.

Nanging kahanan kang kaya mengkono mau émané ora bisa langgeng lan kasembadan. Mbokmenawa pancèn wis gi-naris ing alam Loh Ma'ful yèn nonoman loro mau pancèn dudu jodhoné, lan kudu pepisahan jalaran saka drajaté kang ora pa-dha. RA. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan gèk ora duwé. Déné ce-thané mau bareng kapiyarsan déning keng ramané RA. Tien Tisnowati banget dukané lan ora marengaké yèn R. Sukmana ngarah putriné. Malah R. Sukmana nganti diancam, yèn wani-wani mlaku bebarengan, arep dipasrahaké pulisi. Pancèn kanggoné jaman samono, pulisi iku diwedèni banget, padha karo wong yèn weruh memedi. Mula R. Sukmana banjur ora wani ngaton manèh, tansah ngadoh. RA. Tien Tisnowati dhéwé banjur dipingit, ora kena metu‑metu saka gedhongé, yèn ora lagi ndhèrèkaké rama ibuné.
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur pisah karo RA. Tien Tis-nowati. Nanging sing pisah mung lairé, batiné padha ora gelem pisah, jiwané tansah sesambungan, awit sakaroné katresnané pancèn murni suci, lan wis kadhung padha ngoyodé, padha seminé, thukul ngrembuyung ing jiwa ragané nonoman saka-roné. Mbok jagaté kiyamat pisan katresnan suci ora bakal mati, tetep isih langgeng urip, kang sawayah‑wayah bakal thukul manèh luwih nggegirisi.


................................................................................................................................


Dening : Suprapta Brata

… Ing sawijining dina, eneng bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge Riris lan manik. Bocah telu kae sakben dinone ora iso akur. Nanging, nek pas bocah telu mau kerengan, ibune mesthi luwih mbela Pipin.
Amarga Pipin kuwi anak kandunge, nanging Riris lan Manik kuwi anak tiri.
Pipin nganakake pesta tanggap warsa cara climen ing omahe. Lagi ramene pesta, ibune menyang semaput. Banjur seda. Banjur Detektip Handaka ditekakake. Dheweke nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin amarga diprejaya. Malah podo ribut amarga melu khawatir. Bar kuwi, Pipin kelingan yen dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik. Detektip Handaka banjur marani boca loro kuwi mau ing ngomahe. Sesok e, pas arep dislidhiki, bocah loro kae malah dolang ing nggone kancane, disetitekake Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, sajak ora susah ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwi mau, Detektip Handaka nyimpulake yen sing mrejayani Bu Sulun kuwi inggih menika anake tiri dewe, Riris lan Manik. Bocah kae mau ngaku, dhwewke mrejayani Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwi mau dilebokake ing penjara….


Sunday, 5 January 2020

Contoh (Tuladha) Naskah Geguritan Populer

Makantar-kantar
Mas Bey Puryono
Biyen aku isih cilik
Durung ngerti ala lan becik
Ngertiku mung seneng, seneng, lan seneng
Negara rusak ora tak sanak
Pranatan remuk aku ora ngrembug

Nanging
Saiki aku kudu ngerti
Apa kang kudu dakpecaki
Apa kang kudu dakdandani
Aku isih mudha kuwat cukat lan trengginas
Saka njero dhadhaku makantar-kantar semangat
Nggugat amrih negaraku kuwat

Abange getihku tandha labuh yektiku
Wani mbelani nglabuhi prajaku
Tembe buri turunku isih nganti-anti
Isih bakal marisi negara iki

Ayo sedulur mudha cancut taliwanda
Jejeg majune negara ing tanganira
Para muda tumaruna gawe jejege negara
Jaya para mudha, jaya nagri kita

Simpanglima
R.M.A Sudiyatmana
Tak kira aku iki ora ngimpi
Mlaku-mlaku ingin pinggiring swarga adi
Angin wengi
Ngliwati sela-selaning Mesjid Baiturrakhman
 Srebet sumilir dolanan klambi
Ing dhadha krasa lega
Mongkog melu duwe gedhong olahraga

Simpang Lima
Samar mubyar rinengga cahya
Muwuhi asrining swasana
Rembulane prawan mesem
Kaanane ayem tentrem
Pak gubernur penggalihe marem, rakyate nora kucem

Becak saktitahe
Apa kang ngaya nyengkut kue
Kedher-kedher mesining motor
Kumeplasing Honda Yamaha

Aku ngerti
Kabeh kuwi
Nanging ora tumanem ing ati
Eling yen urip iki
Ngumbara sawatara
Neng gisiking samodra raya

Mula jiwa ragaku
Aja kakehan punika
Among jumbuhna
Karo gelaring alam ing sanyatane
Iya kana iya kene
Tanpa wangenan
Tanpa pungkasan
Tanpa tembe

Aku Pengin Bali Cilik Maneh
Widiyartono R.
Sok sapa wae mesthi duwe
Mangsa-mangsa endah jroning uripe
Semono uga aku, keparenga crita
Bab mangsa-mangsa endah kala mudha rumaja

Sekolahku ing ndesa
Dolanan kasti lan senam irama
Uga latihan koor bebarengan kanca
Kanggo ngisi acara ing greja
Asmayunah dirigen peng-pengan
Swarane ulem tanpa tandhingan
Mimpin padhuan suara
Ngisi ibadah ing greja

Dina Setu sinebut Hari Kridha
Bocah-bocah nggawa sapu, pacul, lan apa sing ana
Banjur bebarengan ngresiki langgar desa
Bah Kiem An sing duwe toko ing prapatan
Mesthi ajeg ngirim panganan
Banjur dikepung bebarengan
Sabubare ngrampungke gaweyan

Aku uga sering kemah barengan
Ngliwet nganggo panci saka klapa
Ngedegake kemah lan tali-temali Pramuka
Maca Dasa Darma lan Pancasila
Ora tau mikir agamane apa
Ora nggagas dheweke Cina apa Jawa

Wingi pas nekani reuni
Aku ketemu Hajjah Asmayunah
Nganggo jilbab dhuh ayune uleng-ulengan
Biyen Asmayunah mimpin nyanyi ing greja
Nanging tan nate owah iman Islame
Saiki wis hajjah kebak iman takwane

Aku ya ketemu Kwat Siang sing bar pegatan
Saiki meneng-meneng nyedhaki Nurhayati
Sing wis randha merga bojone mati
Uga ana Gunarto, murid paling mrosal kala semana
Saiki dadi ustad nyambi tukang pijet
Aku sakanca ra tau ana sekat agama
Ra tau mikir Arab, Cina, utawa Jawa

Bali saka reuni, aku kaget setengah mati
Ana bocah cilik dijorogake kancane
Tiba krungkeb dleweran getihe
Sing njorogake muni sora
“Kowe karo aku beda agama”

Mrangguli bab iki aku dadi kepingin dadi
Bocah cilik kaya dhek jaman kawuri
Mangsa-mangsa kang kebak sukarena
Kekancan ra nyawang agama
Rukun tanpa mikir aku kuwi Arab, Cina, apa Jawa
Apa maneh kok nganti ngungkit bab pribumi
Lha kowe kuwi cah ngendi?

Bocah-bocah saiki kae sing ngajari sapa?
Mbok menawa kuwi kesalahanku
Kesalahane awake dhewe




Siti Purwati, S.Pd.
Kelangan
Mbok, neng endi aku saiki yen arep playon?
Latar omah wis ora ana
Lapangan wis dadi mall

Mbok, neng endi aku saiki arep penekan?
Wit-wit wis ditegori
Dadi omah cekli lan pabrik

Mbok, neng endi aku saiki arep ciblon?
Kali-kali banyune wis butheg
Kali-kali mili umpluk

Mbok, aku kepengin dolanan motor-motoran
Saka kulit jeruk
Apa isih ana, mbok?

Mbok, aku kepengin
Padhang mbulan dolanan neng latar
Padhange kaya rina
Nanging aku wedi, mbok
Mbulane wis ora padhang
Mbulane ana butane
Butane doyan bandha
Bandhane negara

Kuthaku Owah ing Mangsa
Widiyartono R.
Srengenge isih kumat medhite
Eman nyunarake cahyane
Kepara malah negakake
Mendhung ngendhanu
Mepeti suwiran cahya sunare

Langit lagi wegah dijak bebrayan
Pedhut peteng lelimengan
Katon yen sedhela maneh bakal udan
Angin sumiyut ora kaya padhatan
Nyempalake pang ngebrukake wit-witan

Ing gisik kana prau-prau cinancang
Ora ana kang wani nrajang
Alun kang wis malih ombak
Ora ana sing mangkat misaya iwak

We la kae banyune rob teka
Ngelep omah-omah ing pinggiring segara
Sing manggon sambat wis ora bisa
Kaya mangkene iki kahanan biyasa

Kuthaku wis malih rupa
Saya owahe mangsa
Saya akeh kang antuk sengsara

Muga isih ana pangarep
Supaya ora padha sirep
Ing wektu-wektu ngarep

Sm. 23 Januari 2013

Paman Tani Jawa Purwa
R.M.A. Sudiyatmana
Paman tani jawa purwa
Sawahe ayu bojone amba

Wis suwe anggone cecawis
Iguh pretikel bau suku lan bandha beya
Cepak wiji nggarap lemah gawe kalenan

Galengan gineleng ginantha cetha
Nggalur nggaler nabet ing nala
Dadi kothak-kothakan pepanthanging karya
Sineling lanjaran lunglungan
Sarta palawija sawatara

Rabuk rumesep sumesep ing toya
Kaisep oyod-oyoding dami
Ing pantaraning rina ratri

Banjur dumulur
Nglilir gumadhung ledhung-ledhung
Mecuti mratak meteng sigra tumungkul

Kabeh kuwi kanugrahan
Kang ginelar ing sadhengah pakaryan
Kang binudi kanthi kapitayan lan kasregepan
Paman tani jawa purwa
Sawahe ayu bojone amba

apakah anda mencari RPP 1 lembar atau RPP masa pandemi? berikut contoh RPP Masa Pandemi untuk SMK Kelas XII semua mata pelajaran.

Berikut dan atau di bawah ini merupakan link download perangkat pembelajaran (RPP) masa pandemi (1 lembar) untuk SMK Kelas XII Semester Ganj...