Sunday, 23 September 2018

Geguritan

Puisi Jawa sing biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1. Puisi Jawa tradhisional, arupa tembang, Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang. Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
  • Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
  • Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
  • Puisi tembang gedhe (kawi), sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
2. Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa),Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia. Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir/ nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.

Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani  unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu  unsur batin  geguritan.

  1. Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
  2. Rasa-Pangrasa, Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
  3. Nada/lagu, Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
  4. Suasana, Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
  5. Amanat kang dumunung ana geguritan, Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
Tuladha geguritan

DONYA WIS LUNGSE
Rini T Puspohardini

Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang bisa dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta sakeh daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dadi liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca tandha-tandha  jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone

Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006

Gancaran :
Ana ing geguritan ndhuwur nyritakake menawa kahanan donya kuwi wis tuwa kaya ana ing/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan ana padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (nganggo basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).
Kudune yen donyanewislungse / tuwa kuwi saya nggenah lan becik sing ditindakake dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuane wong urip. Nanging nyatane, ana malah akeh wong pawongan kang bingung ngluri tujuane urip. Donya ora saya jenjem, nanging umyeg kaya pasar.

Unsur intrinsik geguritan yaiku :
  1. Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
  2. Rasa-Pangrasa, Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
  3. Nada/lagu, Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
  4. Suasana, Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
  5. Amanat kang dumunung ana geguritan, Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.

Kasunyatan:
wayahe lingsir wengi
langite peteng tanpa cahya
kemrosake angin nembus pulung ati
aku kepingin ngerti
apa sejatine kang winadi

dakdulu langit kang peteng iku
kesaru praptane konang mabur saka paran ujare
sajake lagi ana gara-gara
aku ora nyaruwe
mundhak dadi gawe
sapletik ukara
tan wurunga bisa dadi ngambra-ambra

wayahe lingsir wengi
datan ana kaendahan
konang mabur nuruti karep
sairing karo getering pangarep-arep
kang kadhang kala geseh karo kasunyatan

Thursday, 20 September 2018

Serat Wedhatama Pupuh Pocung


Pangerten Tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika kang wis dipocong utawa mati. Watake sembrana, sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakebahe, turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sadulur kang ngrukti. Ing kne duwe pangerten lamun tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku lamun wis titi wanci tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake.

Pathokan tembang Pocung

POCUNG
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
12
U
4
6
A
8
I
12
A

Watak tembang Pocung
Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyokake).

Makna tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali saapa-apane, lan turune sakepenake gumantung karep saka sanak kadang kang isih urip.

Tuladha tembang Pocung

  6       6    5     3   1     1     1    2    6     6    5   3
Ngel- mu  i-   ku  ka-  la- kon- e  kan- thi  la- ku
 1     2    6   3     2     1
Le- kas- e   la- wan  kas
 1     2    1    3     2       1     2    6
Te- ges- e  kas  nyan- to-  sa-  ni
 6    1     2     3     2    2       1    6    3    56   3    2
Se- tya  bu- dya  pa- nge- kes- e  dur ang- ka- ra

Tegese:
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
(ngelmu iku bisa digayuh kanthi cara gladhen/ dilakoni (laku)
Lekase lawan kas
(Diwiwiti kanthi temen utawa niat)
       Tegese kas nyantosani

       (temen anggone golek ilmu)
       Setya budaya pangekese dur angkara

(temen lan ikhlas bakal nebihake sak perkara ala)

Sunday, 16 September 2018

CERITA RAKYAT

Pengerten cerita rakyat

Pengertian cerita rakyat jawa inggih punika carios ingkang sampun sumebar ing masyarakat, ingkang cacahipun mboten saged kaetang, malah terkadang mboten kamangertosan sinten ingkang nganggit. Umume cerita rakyat jawa ngisahaken babagan kedadeyan tokoh neng sawijining panggonan utawa asal-usule sawijining panggonan. Paraga-paraga mboten sing ditokena sajroning cerita rakyat jawa umume kanthi bentuk kewan, manungsa utawa dewa.
Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeh sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun.

Ciri-ciri cerita rakyat jawa
  1. Anonim, boten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit. 
  2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng. 
  3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi). 
  4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun.
Unsur-unsur Intrinsik
  1. Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
  2. Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
  3. Penokohan, inggih menika gambaran watak paraga.
  4. Alur/plot, inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
  5. Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
  6. Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
  7. Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados
  • Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama ) 
  • Purusa katiga (orang ketiga ) 
  • Sarwi mangertos (serba tahu )

Thursday, 13 September 2018

Urutan Upacara Adat Mantu


Mantu yaiku sawijining tradhisi kang ditindakake kulawarga nalika ngomah-omahake putra-putrine kang dianggep wis dhiwasa. Diarani omah-omah sabab dadi cara kanggo nyawijekake anak wadon karo pasangane lan banjur urip dhewe manggon saomah. Manunggaling anak wadon lan lanang kaangkah bisa nemokake kamulyan sejati, lan bisa kanggo sarana antuk putra kang minangka panyambunging urip.
Mantu mujudake upacara adat Jawa kang ditindakake kanggo ngesahake lan byawarakake sawenehing pasangan wong omah-omah (suami lan istri) klamun wis nindakake rabi. Upacara mantu ditindakake sawuse tatacara agama (nikah) wis rampung utawa wis sah.
Miturut acarane mantu bisa diperang dadi loro, yaiku “mantu’’ lan ‘’ngundhuh mantu.” Mantu yaiku pahargyan panganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten putri. Dene, ngundhuh mantu pahargyan penganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten kakung kang padatan wektune pitung (7) dina sawuse upacara mantu. Umume upacara mantu ditindakake luwih regeng tinimbang upacara ngundhuh mantu.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
  1. Lamaran yaiku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri.Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake garwane calon penganten kakung.
  2. Siraman yaiku upacara pralambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki diadani sedina sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing daleme calon manten dhewe-dhewe dening wong tuwane.
  3. Midodaren asale saka tembung widodari utawa bidadari. Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. ing acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
  4. Srah-srahan utawa "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan manten.
  5. Ijab kabul
  6. Upacara panggih dilaksanake sakwise ijab kabul (akad nikah), ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan di selehake neng prapatan cedak omah, tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sakwise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara.
  7. Upacara balangan suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
  8. Upacara wiji dadi, penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka pralambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
  9. Pupuk yaiku ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi perangan kulawarga.
  10. Sinduran yaiku lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
  11. Timbang yaiku pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.
  12. Kacar-kucur yaiku wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
  13. Dahar Klimah yaiku penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
  14. Mertui yaiku wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
  15. Sungkeman yaiku pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
  16. Kenduren / resepsi yaiku puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.


Apa Kang Arah Wewaler iku? ing ngisor kaandaraken pangerten wewaker



Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar. Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.

Tuladha :
  1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut gawe lan ora soko ngrusak liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha soko colongan (Harta benda yang bersih itu dihasilkan dari keringat sendiri dan tidak menyakiti orang lain. Sedangkan yang tidak bersih itu adalah hasil dari mencuri/kosupsi)
  2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ira mikirake kahanan bathin (Keduniaan yang tidak bersih itu dihasilkan dari nafsu yang mengesampingkan nurani bathin dan tidak memikirkan orang lain)
  3. Golek bandha iku sakmadya bae, udinen katentreman njaba njero (Mencari harta itu yang sedang-sedang saja, yang diperlukan adalah kebahagiaan. Harta banyak disertai nafsu malah kadang tidak membahagiakan)
  4. Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun barang kang becik, gawe cilaka lamun barang saka panggawe ala (Harta benda bisa membahagiakan dan menyengsarakan. Membahagiakan bila dihasilkan dengan yang sebenarnya (olah karsa) dan menyengsarakan bila dihasilkan dari perbuatan yang kurangbaik)
  5. Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa (Ingatlah...bahwa harta benda itu cuma ada di dunia ini, bila meninggal tidak akan anda bawa)

apakah anda mencari RPP 1 lembar atau RPP masa pandemi? berikut contoh RPP Masa Pandemi untuk SMK Kelas XII semua mata pelajaran.

Berikut dan atau di bawah ini merupakan link download perangkat pembelajaran (RPP) masa pandemi (1 lembar) untuk SMK Kelas XII Semester Ganj...