NOVEL KUMANDHANGING KATRESNAN
KUMANDHANGING
KATRESNAN
Crita Gawéané
ANY ASMARA
KENTARDJO
Cap-capan kaping telu
Kawetokaké déning :
C.V. Dua A Yogyakarta
ATURKU
Para maos kang minulya :
Crita Kumandhanging Katresnan iki kedadéan nyata, dadi ora mung
wujud karangan baé. Crita iki sakawit pancèn saka penjaluké sing nglakoni
dhéwé, supaya disumurupi ing liyan. Mung baé sarèhning sinq padha nglakoni isih
akèh sing padha sugeng, lan kanggo njaga asmané, mula bab asma lan jenenging
panggonan dakganti kabèh, nanging wosing crita tetep kaya samesthiné ora owah.
Crita iki anggambaraké sawijining lelakon sih katresnan jati
kang nrenyuhaké ati lan anggambaraké kukuhing adat istiadat kang ora kena
diowahi, nganti andadèkaké ananing lelakon kang ngeres-eresi. Mula crita iki
pantes dadi tepa palupi tumrap para mudha kabèh kang lagi padha ngambah ing
madyaning sih katresnan.
Muga‑muga crita iki bisaa gawé suka renaning para maos kabèh.
Jakarta, 1 – 9 – ‘61
Pangripta
ANY ASMARA
Kumandhanging
katresnan.
Sapa baé kang wis naté kapedhotan ing rasa sih katresnan jati,
uripé bakal terus kacihna nandhang cacad ing salawasé urip. Katresnan jati pancèn
bisa gawé korban sakabèhing korban. Krodhané anggegirisi banget, ngungkuli
krodhaning gunung geni kang lagi mbledhos, ampuhé ngungkuli ampuhing panah wisa
sing luwih mandi.
ANY ASMARA
1. KURBANING KATRESNAN
Ing kampung Sélasari Magetan katon
ana sawijining omah gedhong cilik, asri, pèni, ngarepaké dalan gedhé. Omah mau
gagrag modhèl anyar, kinubengan ing pekarangan kang jem-bar bawéra. Ing
sangareping omah kiwa tengené, ana taman-ané kang tinanduran kembang manéka
warna, nedheng-nedhengé megar ndadi, gandané arum sedhep ngambar-ambar.
Patamanan mau tinata winangun bunder, tandurané tinata rajin lan cèkli, tur
diupakara kanthi becik‑becik, mula tan-durané tansah katon seger‑seger, ledhung‑ledhung,
kembangé mekrok seger, dinulu ngresepaké ati. Tandurané kembang warna-warna,
kayata: Chrysant, Hortènsia, Lèlié, Aronskelk, Gerbera, Anyelir, Aster,
Gladiool, lan liya-liyané manèh.
Ing undhak‑undhakaning
tritisan rinengga déning pot‑pot ge-dhé dikapur putih, isi tanduran: Sufelir,
Kuping Gajah, Kool-palm. Anggrèké pating grandhul ana ndhuwuré,
nedheng-nedhengé kembang, ana sing putih, ana sing kuning, ana sing blorok‑blorok,
nyenengaké. Ing tritisan diwènèhi pot cilik pi-rang‑pirang kang isi bangsaning cactus, kayata: Haworthia Fasciata kaya
buntut tekèk, Stapelia Grandiflora, Mamillaria, Upuntia, Clavarioides,
Echionopsis Oxygona, Rhipsalis Tetva-gona, Aloe Coneinna, Euphorbia Obesa,
Echeveria Gibbiflora, Gloxinia, Begonia, lan liya-liyané.
Ing
pendhapa njero diwènèhi méja korsi sasetèl saka penjalin, korsiné diwènèhi
bantal cilik kang diurungi sutra putih sinulam kekembangan benang emas. Méjané
diwènèhi taplak réndan putih mulus, lan ing dhuwuré ana vas isi kembang
Gloxinia kang kembangé lagi megar.
Ing
pojok papat didèkèki dhingklik sikilé dawa, diwènèhi pot kuningan kang isi
bangsaning suplir. Ing tengah‑tengah bener cedhak méja tamu didèkèki aquarium
ditumpangaké méja cilik isi iwak mas lan koki rong jodho, rupané abang,
bun-tuté nglèmbrèh nyenengaké.
Témboké
rinengga gambar‑gambar kang èdi pèni, gambar sesawangan kang ngresepaké ati.
Sisih kulon gambar Jangèr Bali lan Srimpi.
Déné
kebon mburi omah ditanduri bangsaning sayuran rupa-rupa, kayata: kobis, bayem,
térong, téla pohung, tomat. lombok, kapri, slèdri, kacang dawa, lan
liya-liyané. Ing pager dirambati wit waluh jipang, kang wohé pating grandhul
nde-ménakaké. Tanduran mau katon subur‑subur lan seger, merga tansah dirumat
ing saben dinané.
Saburiné
omah gedhong, ana omahé manèh cilik, kanggo pawon, lumbung, kamar batur, lan
kolah.
Sing
kagungan omah mau asmané RS. Ranuasmara, pi-yayiné wis rada sepuh, bangsaning
umur 50 taun. Rambuté wis katon putih kaya kapas. Salirané isih katon pengkuh
ga-gah. RS. Ranuasmara kuwi biyèn sawijining pelukis, wis naté ngumbara nganti
tekan endi‑endi, malah wis naté menyang Éropa lan Asia Wétan, perlu mamèraké
lukisané. Pancèn alus urip, bisa gawé lam‑laming pikir. Jenengé wis kondhang
dadi pelukis kang misuwur, sadrajat karo pelukis manca negara.
RS.
Ranuasmara ora kagungan garwa amarga garwané wis ora ana. Putrané loro lanang
lan wadon. Sing lanang Susilo umuré 23 taun isih jaka saiki dadi mahasiswa
Gajah Mada ing Ngayoja jurusan kedhokteran. Déné ragilé kenya umuré 19 ta-un
isih legan, jenengé Sri Éndah Wahyuningsih, dadi guru SMP ana Magetan kono. Sri
Éndah Wahyuningsih mau rupané sulistya banget kaya pranakan Indho. Pawakané
lencir weweg, Pakulitané kuning nemu giring. Katambahan irung ngrungih, mripat
lindri‑lindri kaya bintang pilem Lies Noor, mula akèh pa-ra mudha sing padha
kepéncut gandrung‑gandrung kapirangu karo dhèwèké, nganti sawenèh ana sing
ngengleng mikir Sri Éndah Wahyuningsih. Malah ana sing ora kuwat nyawang
ban-jur trima oncat saka Magetan. Béda banget karo kangmasé yaiku Susilo kang
pakulitané mbambang.
Pancèn wis akèh para mudha kang nélakaké tresna karo
Sri Éndah Wahyuningsih, kepéngin ngajak urip bebarengan.
Nanging
kabèh mau ditolak kanthi alus déning Sri Éndah Wah-yuningsih, asengadi yèn
durung duwé pikir sing kaya mang-kono, isih seneng nyambut gawé, mulang bocah‑bocah.
Mula pancèn bener kaya mangkono, dhèwèké durung nggagas ing bab iku, isih
seneng mulang. Awit jaréné ora ana kasenengan liya saliyané mulang. Yèn ana
ngomah ngurusi balé omah, lan ngrumat kasenengan Iiyané, yaiku tanduran, ésuk
soré tansah ditliti kanthi premati, kaya ngrumat bayi, nganti saupama ilang
tandurané salah siji baé dhèwèké ngerti.
Sri
Éndah Wahyuningsih ora tahu lunga ubyang‑ubyung yèn ora perlu banget. Dadi akèh
ana ngomah[1],
awit ngèlingi ba-paké wis sepuh. Baturé loro lanang wadon, yaiku Pak Yoto lan
Bok Yoto. Ketambahan manèh wis ana sewulan iki bapaké tan-sah gerahen baé,
kaworan watuké kumat. Wis dipriksakaké dhokter papat, meksa ora ana sudané,
gerahé malah saya ngrekasa, mula dhèwèké saben dina tansah mugen ana ngomah.
Sri
Éndah Wahyuningsih sedhih atiné, mikir gerahé ba-paké mau. Mula blas ora naté
dolan, tansah mugen nunggoni wong tuwané baé.
Kangmasé
sing ana Ngayoja arep dikabari, nanging dipenggak déning bapaké, mundhak gawé
kisruhé Susilo, awit lagi ne-ngah-nengahi ujian.
Mundhak dina gerahé RS. Ranuasmara saya mundhak
ngrekasa nganti ora bisa menyat saka peturon. Salirané saya mundhak kuru,
praupané cowong pucet, menyang dhaharan wis ora kersa. Sedina sawengi
terkadhang mung ngunjuk susu rong gelas. Sri Éndah Wahyuningsih saya sedhih
atiné saben dina tansah lungguh ana sandhingé wong tuwané, gagasané ngambra‑ambra[2]
banget, sedhih, susah, trenyuh, campur dadi siji. Nyut kèlingan menyang ibuné,
sing wis ora ana, atiné mun-dhak keranta‑ranta nganti luhé carocosan metu,
nibani pipiné
kang
alus kaya saIju, nganti kacuné sutra teles kaya dikum banyu.
“Dhahar
ya Pak?” mangkono aturé Éndah nuju sawijining dina wayah soré.
“Ora
.......... Ndhuk Ning. Ora ..............
Uh....................! huk .........! huk...... èh ............! èh .............!”
wangsulané RS. Ranuasmara karo watuk ngikil.
“Bèn
sliramu kiyat kok Pak.”
“Ora
................ ora ............... doyan.”
“Sésuk
dipriksakaké dhokter menyang Surabaya baé apa Pak, jaréné kana ana dhokter sing
pinter!”
“Wis
................ kasèp .................... Ning, wis ................... ka
.......... Huk! Huk .........................
Eeeeeeeh ...................!”
“Ngunjuk
wédang jeruk karo gula batu apa Pak, karebèn watuké ilang?”
RS.
Ranuasmara ora mangsuli, mung manthuk karo nyawang putrané, penggalihé katon
sumedhot.
Sri
Éndah Wahyuningsih énggal‑énggal menyat metu me-nyang buri gawé wédang jeruk. Bareng
wis rampung banjur énggal‑énggal diaturaké.
“Pak
iki unjukané mumpung isih manget‑manget bèn logro watuké.”
RS.
Ranuasmara banjur ngombé wédang jeruk.
“Wis
.............. wis .............. aku jupukna slimut sing kandel waé Ning,
awakku teka krasa adhem temen.”
Sri
Éndah Wahyuningsih ora mangsuli, terus menyat mbukak lemari njupuk slimut,
terus dikemulaké bapaké. Sikilé kang adhem dipijeti alon‑alon kanthi sedhihing
atiné.
“Wis
tinggalen kana Ning, ngasoa[1]
awakmu rak sayah.”
“Ora
kok Pak.”
“Gajegé
kowé dhèk mau nggawa garapan sekolahan, wis kana garapen dhisik.”
“Mengko
bengi baé kena kok Pak. Kangmas Susilo dakka-barané baé ya Pak?”
“Ah
ora susah Ning, mesakaké masmu, wulan iki jarené lagi nengah‑negahi ujian,
mundhak ngganggu ujiané.”
“Lha
wong gerahé Bapak saya ngrekasa ngené, mengko aku rak ditutuh Mas Sus Pak.”
“Mengko
yèn ana nesuné masmu aku sing mangsuli Ning. Wis aja dipikir. Kana tinggalen,
aku dakturu, mripatku ngantuk ngené.”
Sri
Éndah Wahyuningsih banjur metu kanthi sedhihing ati-né. Pancèn mula bener
ngendikané bapaké mau, awaké wis sayah banget, nanging bareng ngèlingi gerahé
bapaké kaya mangkono mau, sayahing awaké ora dirasakaké, awit seka ge-dhéning
katresanmu, lan bektiné karo wong tuwané.
Nuju
sawijining bengi wayah jam wolunan, dinané malem Jumuwah Kliwon. Wiwit bakda
magrib Sri Éndah Wahyuningsih lungguh nunggoni bapaké karo mijeti sikilé sing
wis adhem. Wi-wit surup mau RS. Ranuasmara ora menyat saka paturoné, amarga
watuké teka, napasé rada seseg, ora gelem ngendika, tansah mèndel baé, mung
mripaté bola‑bali nyawang Sri Én-dah Wahyuningsih, banjur unjal napas dawa kaya
wong angluh kaé. Penggalihé sajak sumedhot, mripaté kang wis katon co-wong mau
kaya‑kaya akembeng luh. Sri Éndah Wahyuningsih bareng weruh, atiné kaya sinendhal,
kagèt, awit salawasé du-rung naté weruh bapaké nganti ngruntuhaké luh kaya
ngono. Mula banjur alon-alon matur:
“Bapak
teka lajeng muwun ngono?”
RS.
Ranuasmara kagèt krungu pitakoné putrané sing ora dinyana‑nyana mau. Banjur
mangsuli karo ngusapi luhé.
“O ........ Ning.... .......................... anakku
............................ Pancèn bener bapak iki mau mentas ngruntuhaké luh,
amarga aku banjur kèlingan karo ibumu sing wis ora ana. Gèk kowé dhéwé nganti
seméné gedhému, kowé durung naté weruh ibumu. Apa manèh weruh ibumu, gambaré
baé ya durung. Mangka aku dhéwé saya ngunduri tuwa, lan ora suwé manèh mesthi
bakal dipundhut ing pangayunaning Pangèran. Bab iki wis ora kena disélaki
manèh, lan ora bisa disingkiri awit kabèh-kabèh
mung gumantung ing ngarsaning Pangèran Kang Maha-adil. Aku mung kari tunggu
ésuk‑soré ninggal alam donya ké-né, kang kebak lelakon rupa‑rupa. Mula sanajana
ésuk utawa soré aku dipundhut karo sing gawé urip, atiku wis seneng, awit kowé
wis diwasa, wis ngerti endi sing ala lan endi sing becik, mengkono uga bab
unggah‑ungguh, kaya-kaya kowé wis bisa mrantasi kabèh. Nanging saupama kowé
isih dadi bocah cilik, atiku ora mentala. Élinga kabèh titah ing ngalam donya
bakal mati, semono uga kowé, mung kari padha nunggu titi mangsa-né baé. Mulané
Nduk, gegantilaning jiwaku, sadurungé bapak-mu dipundhut bali karo sing
Mahakuwasa, aku arep ngandhak-aké sawijining wewadi menyang kowé, supaya kowé
ngerti. Wewadi iki wis lawas banget daksimpen primpen, suket go-dhong ora ana
sing ngerti.
“Wewadi
apa kuwi Pak?”
“Wewadi
bab lelakoné suwargi ibumu dhéwé Ndhuk. Kowé rak durung weruh menyang ibumu
ta?”
“Iya
bener Pak. Nanging sanajan kaya ngono, aku wis ru-mangsa marem, awit isih ana
gambaré suwargi ibu.”
“Gambar
sing endi Ning?”
“Gambar
kaé ta Pak, sing ana kamarku, malah Mas Susilo ana sandhingé.”
“O..................
Ndhuk Ning ............................ anakku. Kaé pancèn gambaré ibuné Masmu
Susilo. Nanging sumurupa kaé, dudu ....................”
Tekan
semono RS. Ranuasmara kèndel, awit dhadhané seseg banget.
“Lha
gambaré sapa Pak, kok dadi dudu kuwi?”
“Kaé
pancèn dudu gambaré ibumu.”
“Dudu
gambaré ibu?” Sri Éndah Wahyuningsih kagèt atiné mlenggong.
“Sarèh
dhisik Ning anakku. Lungguha sing kepénak. Mengko Bapak arep ndongèng. Pancèn
ya iki wewadi mau, sing arep dakcritakaké, Masmu Susilo dhéwé ya ora ngerti.
Mula andadèkna sumurupmu ya Ndhuk, aja kagèt. Kowé karo Masmu Susilo kuwi
sanyatané wong liya, Masmu Susilo dudu sedulurmu, dudu kangmasmu sejati. Dadi
gambar wong wadon sing ana kamarmu karo Susilo kaé dudu gambaré ibumu, na-nging
gambaré ibuné Susilo dhéwé.”
“Dadi
yèn ngono, aku karo Mas Susilo iku dudu sedulur tunggal bapak ibu ngono apa
piyé Pak?”
“Iya
bener ngono Ning anakku. Pancèn bener kaya ngono. Dadi sejatiné Kowé karo
Susilo iku wong liya, wong séjé.”
Sri
Éndah Wahyuningsih kagèt, nganti ora bisa mangsuli.
“Aja
kagèt, pancèn bener kaya ngono. Nanging sumurupa, bareng Kowé lair[1],
banjur dakseduluraké karo Kangmasmu Susilo.”
“Aku
ora mudheng banget ta Pak. Lha yèn ngono ibuku kuwi sing bener sing endi?”
“Ibumu
dhéwé ya wis tinggal donya.”
“Lha
gambaré ibu apa isih ana Pak?”
“Isih,
kaé daksimpen ana lemari. Malah gambaré ibumu mau ora wujud potrèt, ananging
wujud lukisan, asil karyaku dhéwé.”
“O
...................!”
“Andadèkna
sumurupmu manèh ya Ning anakku. Kowé dhéwé sejatiné ya dudu anakku.”
“O
...........................?”, Sri Éndah Wahyuningsih saya tam-bah kageté,
nganti awaké ndhredheg, mandeng karo RS. Ranuasmara.
“Lha
yèn ngono, aku iki putrané sapa Pak?” sambungé kanthi ndomblong.
“Kuwi critané dawa banget Ning. Mengko bakal
dakan-dharaké kabèh. Nanging Kowé aja sedhih atimu awit wiwit kowé lair[2],
kowé wis manjing dadi anakku. Nalika Kowé lagi umur 7 dina, ibumu banjur
tinggal donya, Kowé dipasrahaké aku. Kowé banjur dakemong nganti tekan sepréné
iki.
“O...............
ngono ta Pak. Lha asmané wong tuwaku sapa? Lan saiki ana ing ngendi?”
“Asmané
wong tuwaku[1]
dhéwé RM. Purwodirjo, saiki em-buh ana ngendi, aku dhéwé ora ngerti, wis
daktakokaké, mek-sa ora ana sing weruh ana ing ngendi dunungé.”
“Adhuh
.............. Pak!”
“Kowé
yèn arep weruh karo ibumu ngiloa[2],
rupané ibumu wis presis kowé, ora ana sing dibuwang[3]
sethithik‑sethithika. Mung ibumu wis tuwa, kowé isih enom. Nanging nalika ibumu
isih enom, ya wis presis kaya kowé. Andheng‑andhengé uga padha, dumunung ana
tengah‑tengahing alis. Mripaté, irungé, alisé, jangguté, lambéné, wis ta cekaké
padha kabèh, kaya jambé sinigar. Mula coba jupukna dhus dawa kang ana lemari
rak sing dhuwur dhéwé, gawanen mréné.”
“Kok
disimpen baé, ora dipasang, apa sebabé Pak?”
“O..............
kuwi wadi Anakku, wadi. Sebab yèn aku weruh gambaré ibumu, atiku dadi keranta‑ranta,
utawa manèh wis cukup nyawang kowé, wis ta énggal jupuken kana.”
“Iya
Pak.”
Sri
Éndah Wahyuningsih banjur njupuk dhus bunder dawa, tangané katon ndhredheg
gumeter. Dhus nuli diulungaké RS. Ranuasmara, nuli dibukak, dijupuk isiné, kang
arupa mori gulungan. Mori dibèbèr ana ngarepé Sri ÉndahWahyuningsih. Ing kono
katon ana gambaré sawijining kenya kang sulistya ing rupa. Sri Éndah
Wahyuningsih kagèt banget bareng weruh gambar mau. Gambar tansah dipandeng
tanpa kedhèp, wusa-na Sri Éndah Wahyuningsih banjur nangis mingseg‑mingseg.
“O...........
adhuh ............ ibuku!” sambaté
sedhih.
RS.
Ranuasmara mung legeg‑legeg sumedhot nyawang Sri Éndah Wahyuningsih kang lagi
nangisi gambaré ibuné mau. Penggalihé saya keranta-ranta, mèlu sedhih. Nganti
su-wé Sri Éndah Wahyuningsih durung bisa lipur atiné, tangisé saya ngontog‑ontog,
awit saiki nembé ngerti, wong sing diarani bapaké dhéwé mau tibané wong liya,
dudu wong tuwané dhé-wé sing ngukir jiwa ragané. Teka semono temen gedhéning
sih katresnané karo awaké. Ora naté nyrengeni, sapanjaluké tan-sah dituruti,
didhidhik becik‑becik nganti bisa dadi kaya saiki. Ngèlingi sing wis kaya
mengkono mau atiné Sri Éndah Wah-yuningsih saya sedhih lan nelangsa, keranta‑ranta.
Saiki ru-mangsa wedi lan rikuh karo RS. Ranuasmara, sing wis diang-gep wong
tuwané dhéwé mau. Wanguné RS. Ranuasmara ngerti menyang kekandhutaning atiné
Sri Éndah Wahyuningsih mau, tandhané banjur ngendika alon, kaya mangkene:
“Anakku
Ning, kowé aja banjur kaya ngono karo aku, lan aja rikuh-pakéwuh, sanajan saiki
kowé wis ngerti menyang we-wadining lelakonku, aku iki ya isih tetep dadi wong
tuwamu, kowé wis dakanggep anakku lair[4]-batin.
Malah saupama ora ana kowé, kiraku aku ora urip dawa tekan saiki iki. Aku yèn
weruh kowé, tansah kelingan menyang ibumu ora uwis‑uwis. Wewayangané ibumu, ya
ana kowé dadi siji.”
“Matur
nuwun sanget Pak. Lha ibu kula, kaliyan Bapak punapa taksih sedhèrèk?”
“Lho,
Iho lha, rak nganyar‑anyari, Kowé banjur malih basa karo aku, iku ateges yèn,
Kowé ora nggugu gunemku. Wis ta aja nganyar‑anyari, gawénen kaya adat sabené
baé. Aku emoh kokbasani, awit rumangsaku banjur dadi adoh ngono. Kowé aja
ngowahi apa‑apa. Apa aku kokanggep bapak sambungan?”
Sri
Éndah Wahyuningsih tumungkul, krungu wangsulané bapaké angkat mau.
“Ya
wis Pak aku ndhèrèk.”
“Lha
rak ngono, aku bungah, tandha yèn Kowé ora nga-nyar-anyari. Karo manèh yèn dirungu
tangga teparo rak dadi padha gumun, wong biasané Kowé ora naté basa, teka malik
grémbyang ngono, mengko wewadi iki rak bisa kawedhar ing liyan.”
“Iya bener Pak, saiki dakjabel manèh aturku.”
“Lha
rak ngono. Malah aku nduwèni penjaluk karo kowé, bab iki aja nganti keprojol
ing liyan.”
“Lha
yèn karo Mas Susilo kepriyé?”
“Masmu
ya kena diwènèhi weruh nanging bésuk.”
“Suk
kapan Pak?”
“Yèn
aku wis ora ana.”
“Adhuh ..................!”
“Masmu
Susilo ya ora ngerti, awit nalika semono dhèwèké iya isih cilik, lan wektu
semono ana astané swargi embahé pisan.”
“O
ngono ta.”
“Wis
ta lungguha cedhak kéné, takdongèngi lelakon sing ana gegandhèngané karo
lelakonmu. Critané dawa, mula ya mung arep dakcritakaké sing perlu‑perlu baé.
Crita iki isi lela-kon bab sih katresnan sing nyedhihaké ati. Mula kowé mengko
ya aja mèlu‑mèlu sedhih atimu. Nanging aku jupukna wédang dhisik, gorokanku kok
krasa salit temen...”
* * *
Surakarta,
1927.
Ana
sawijining nonoman jenengé R. Sukmana umuré 19 taun, murid MULO duwé kanca
kenya, jenengé RA. Tien Tisno-wati putri Sala asli, putrané RB. Jayèngsubroto,
pènsiyunan Wedana Bayalali. Dalemé ana Kampung Tamtaman, isih da-rahing priyayi
luhur turun ningrat. Kenalé R. Sukmana karo RA. Tien Tisnowati wis lawas
banget. Mauné kenalé nonoman loro mau ya mung lugu baé. Nanging lawasing lawas,
sakaroné banjur padha thukul rasa katresnan. R. Sukmana tresna karo RA. Tien
Tisnowati, Tien Tisnowati nimbangi katresnané. Dadi wis jumbuh loro‑loroné
padha kadunungan tresna kabèh, ma-lah nganti wis padha prasetya yèn ing tembé
buri padha arep urip bebarengan. R. Sukmana bungah banget atiné, duwé pa-cangan
RA. Tien Tisnowati mau. Sepisan dhasar isih darahing ngaluhur, rembesing
kusuma, turuning wong andara warih. Kapindhoné atèn-atèné becik lembah manah.
Kaping teluné kasulistyané RA. Tien Tisnowati tanpa tandhing, pindha golèk
kencana. Kaping paté sing baku padha tresnané.
Nanging
kahanan kang kaya mengkono mau émané ora bisa langgeng lan kasembadan.
Mbokmenawa pancèn wis gi-naris ing alam Loh Ma'ful yèn nonoman loro mau pancèn
dudu jodhoné, lan kudu pepisahan jalaran saka drajaté kang ora pa-dha. RA. Tien
Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan
gèk ora duwé. Déné ce-thané mau bareng kapiyarsan déning keng ramané RA. Tien
Tisnowati banget dukané lan ora marengaké yèn R. Sukmana ngarah putriné. Malah
R. Sukmana nganti diancam, yèn wani-wani mlaku bebarengan, arep dipasrahaké
pulisi. Pancèn kanggoné jaman samono, pulisi iku diwedèni banget, padha karo
wong yèn weruh memedi. Mula R. Sukmana banjur ora wani ngaton manèh, tansah
ngadoh. RA. Tien Tisnowati dhéwé banjur dipingit, ora kena metu‑metu saka
gedhongé, yèn ora lagi ndhèrèkaké rama ibuné.
Ya
wiwit iku R. Sukmana banjur pisah karo RA. Tien Tis-nowati. Nanging sing pisah
mung lairé, batiné padha ora gelem pisah, jiwané tansah sesambungan, awit
sakaroné katresnané pancèn murni suci, lan wis kadhung padha ngoyodé, padha
seminé, thukul ngrembuyung ing jiwa ragané nonoman saka-roné. Mbok jagaté
kiyamat pisan katresnan suci ora bakal mati, tetep isih langgeng urip, kang
sawayah‑wayah bakal thukul manèh luwih nggegirisi.
Pancèn
kaya ngono katresnan kang sepisanan ora bakal bisa dilalekaké ing salawasé
urip. Katresnan bisa nggawa kor-ban, awit jatining katresnan mau ora nyawang
rupa, pangkat, bandha, lan drajat, nanging saka gumolonging ati loro‑loroné
kang jumbuh, cocog condhong, padha tresnané.
Malah manut wecané sarjana Éropah Dr. Van Holk
meng-kéné: Sapa baé sing wis naté kepedhotan ing rasa sih-katres-nan jati,
uripé bakal tansah kacihna nandhang rasa kacuwan ing selawasé. Weca kaya ing
ndhuwur mau pancèn bener, awit ampuhing
katresnan mau ngungkuli ampuhing panah wisa, lan yèn krodha, ya nggegirisi
banget, ngungkuli krodhaning gu-nung kang njeblug. Mula bener, tresna tohé
pati. Tresna bisa nggawa korban sakèhing .............. korban.
Wiwit
iku R. Sukmana banjur kecandhak lara gandrung wuyung, rina wengi mung tansah
ton‑tonen menyang citrané RA. Tien Tisnowati, dilali‑lali malah saya ngaléla
saya mbebi-dhung ati.
Pancèn
bener, lara‑laraning lara ora kaya wong kang ka-pegatan ing katresnan. Kang
kataman lara gandrung wuyung ora mung R. Sukmana dhéwé, nanging RA. Tien
Tisnowati ya kaya mengkono, rina wengi sing dipikir mung R. Sukmana baé. Saya
sedhih manèh bareng let rong dinané R. Sukmana ora mlebu sekolah, jaréné lara,
atiné kaya sinendhal mayang kaé, saking welasé karo R. Sukmana.
Arep tilik ora wani, awit dhèwèké
ora kena lunga‑lunga di-pingit ana ngomah. Let 3 dina R. Sukmana tampa lajangé
RA. Tien Tisnowati kang surasané mengkéné:
Kangmas Sukmana woding atiku.
Wis ana seminggu iki
panjenengan ora mlebu sekolah, ati-ku dadi sedhih banget. Awit aku ngerti yèn
gerah panje-nengan iku jalaran saka kakèhan mikir menyang aku, iki wis mesthi.
Beneré mono kliwat saking anggonku kangen karo panjenengan, kepéngin tilik
mréné. Nanging adhuh Mas, aku ora bisa lunga‑lunga, malah saiki kaya wong
dikunjara baé, dipingit ana ngomah. Wis akèh‑akèh enggonku ngaturi priksa karo
rama ibu bab sesambunganku karo panjenengan. Yèn ibu ngono ora apa‑apa, nanging
rama malah duka banget. Aku didukani akèh‑akèh, malah yèn ora manut kersané,
aku arep diusir. Adhuh Mas, seméné aboté sesangganku. Aku sa-iki rumangsa
sedhih banget, judheg ngrasakaké wong tuwaku dhéwé kang isih ngukuhi menyang
kaningratané. Kapindhoné atiku susah ngrasakaké
panjenengan nganti dadi gerah kaya mengkono.
Mauné aku ora nyana babar pisan, yèn dayaning sih ka-tresnan iku ngéné dadiné dakarani, yèn wis bubar lan dipe-dhot iku banjur dadi ilang blas, ora ana tabeté apa‑apa. Na-nging adhuh pangira‑iraku kabèh mau tibané salah gedhé. Rina wengi mung panjenengan baé sing dakimpi‑impi, ndak-tangisi. Pancèn abot Mas medhot rasa sih katresnan iku, apa manèh yèn wis kadhung manjing ing balung sungsum, angèl ilang‑ilangané. Mbok diijolana karo apa baé katresnan ora bisa padha, awit dayaning katresnan mau ora nyawang bab bobot, bibit, lan bèbèt, nanging mung gumantung sing padha nglakoni. Mula sanajan awakku dikunjara wesi primpen, rasa sih katresnanku karo panjenengan isih tetep panggah, malah saya mundhak gedhé. Luwih sedhih manèh bareng aku jarené arep énggal‑énggal diomah‑omahaké karo sawijining priyayi, kang isih klebu sanak kulitku dhéwé isih tunggal drajat lan darah karo rama. Wis akèh-akèh aturku nanging rama tetep panggah, malah aku didukani lan diuman‑uman. Pungkasan-ing rembug aku mung ditanting dikon milih salah siji, yaiku manut apa mbangkang. Yèn manut kudu gelem nuruti kersané wong tuwa, gelem diomah‑omahaké oleh pilihané wong tu-wa. Yèn mbangkang aku kena sakarepku; nanging ora diaku putrané, lan kudu lunga.
Adhuh Mas, seméné aboté lelakonku, saben dina saliyané sedhih, judheg, nelangsa wis ora ana manèh. Mangka aku wis prasetya karo panjenengan yèn arep padha urip beba-rengan. Jiwa ragaku wis éklas dakpasrahaké menyang panje-nengan kabèh, wong liya ora lila banget yèn nganti nyekel awakku. Nanging Mas, sarèhning aku tinitah dadi wanita, bisaku ya mung nangis, ya mung tangis iku sing dadi gegamanku, arep mbangkang ora wani, wedi kena walaté. Mula bab iki panjenengan aja salah tampa, aku tetep tres-na lan setya karo panjenengan donya akérat, lair lan batin. Mung
iki aturku, muga handadèkna ing pamirsa. Panje-nengan dakdongakaké énggal saras
gerahé.
Rayi tuhu tresna,
TIEN TISNOWATI.
R. Sukmana bareng maca layang mau
sedhih banget. Sa-ka rumangsané donya banjur dadi katon peteng lelimengan, bumi
kaya gonjang-ganjing, awaké krasa lemes lan semplah, wasana saking sedhihé
nganti nangis.
R. Sukmana saben dina tansah
dheleg‑dheleg, memelasi, ora doyan mangan. Awaké tambah kuru, marga saka
banget-ing mikir menyang RA. Tien Tisnowati. Tujuné ibuné pinter anggoné tansah
njaga menyang R. Sukmana, saben dina di-kandhani akèh-akèh, Ian dituturi sing
becik‑becik, wusanané R. Sukmana banjur bisa rada katon jenjem atiné.
“Nggèr Sukmana anakku, yèn saben dina kowé tansah legeg-legeg
sedhih, sing susah ora mung kowé dhéwé, aku ya mèlu susah. Ibu iki wis tuwa, ora
lawas manèh bakal dipundhut karo sing gawé urip. Mula mumpung ibu isih urip,
aku kepéngin weruh kowé bisa urip seneng, pulih kaya dhèk wingi‑wingi kaé.
Puluh‑puluh tiwas kokpikir jero, yèn pancèn wong tuwané RA. Tien Tisnowati wis
ora marengaké, arep kepriyé? Aku ora mai-do Nggèr, pancèn abot wong kapedhotan
ing rasa katresnan kuwi. Ibumu wis tuwa, wis ngerti lan wis wareg mangan
pedhes, lan gurih isining alam donya. Nanging kabèh mau yèn kowé bisa
ngendhalèni menyang sakabèhing atimu, mesthi ba-kal énggal ilang, oraa[1]
bisa ilang blas, ya akèh sudané. Yèn kowé ora bisa ngendhalèni atimu dhéwé
bakal nandhang kapi-tunan gedhé, jiwamu bakal ringkih, atimu bakal cacad, wis
mesthi. Nanging yèn kowé bisa ngendhakaké kasedhihaning atimu dhéwé, jiwamu
bakal kuwat lan santosa. Saupama kataman ing kasedhihan ya mung bakal sawetara,
ora banget-banget. Pancèn katresnan tanpa korban, iku dudu katresnan. sejati, nanging katresnan palsu,
mung lair baé, utawa tresna thukul saka dayaning hawa napsu. Nanging katresnan
kang metu saka prentuling ati suci, bisa ditata lan bisa dikendhalèni. Déné
dalané mbuwang sakèhing kasedhihan iku ora ana liya mung sarana laku sabar lan
narima.” mangkono pituturé ibuné kanthi sabar.
“Nanging Bu, aku ora bisa
nglalèkaké karo Dhiajeng Tien, awit katresnanku karo Dhiajeng Tien wis kadhung
urip ana jantungku.”
“Aku wis ngerti lan ora maido Suk.
Nanging yèn kowé wiwit bisa ngendhalèni, mesthi bisa. Dalané saka sethithik,
nanging yèn kanthi tlatèn éling sabar, lan narima mesthi bisa. Bab iku padha baé
karo yèn kowé lagi nampani piwulang saka gurumu. Kowé ora bisa nampani piwulang
sepisan, bruk akèh, kuwi mesthi ora bisa. Nanging yèn gurumu enggoné mènèhi
piwu-lang nganggo tataran saka sethithik, kowé mesthi bisa nam-pani piwulang
mau, kanthi kepénak lan ngerti. Ora ana Propé-sor terus pinter jalaran ora
sekolah, kuwi ora ana. Kosok baliné mbuwang rasa kasedhihaning ati ya ngono,
ora bisa sok glo-gok, ilang blas kuwi ora bisa, nanging ya kudu saka sethithik
kanthi dikanthèni ati sabar lan narima. Yèn kowé bisa nglakoni kaya ngono kowé
bakal kuwat jiwamu lan kalis sakèhing godha rencananing ngaurip.”
Suwé R. Sukmana ora bisa mangsuli,
awit sakèhing pitu-turé ibuné mau pancèn bener kabèh, R. Sukmana éling, atiné
kaya digugah, éling ing sakabèhané.
“Iya Bu sakèhing dhawuhmu bakal
dakèstokaké kabèh, mula ora liwat aku nyuwun tambahing pangèstu baé.” wang-sulané karo menyat.
“Iya Nggèr, iya sukur yèn kowé
nggugu karo pituturku iki. Dakpangèstoni, muga‑muga imanmu kuwat nampani
sakèhing godha rencana.”
“Matur nuwun Bu.”
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur
bisa ngilangi rasa kase-dhihaning atiné mau. Wiwitané ya ngrekasa banget,
nanging suwé-suwé ya bisa, kanthi wewaton ati sabar lan narima. Senajanta
jiwané tansah nangis.
Nuju sawijining dina wayah bengi,
R. Sukmana kapinujon ijèn tunggu omah, awit ibuné lagi lunga jagong temantèn
me-nyang Kestalan. R. Sukmana dijak, nanging ora gelem, senga-di sirahé krasa
ngelu, mula trima tunggu omah baé. Bareng ibuné wis mangkat R. Sukmana banjur
mlebu ing kamaré, mapan lungguh sinambi nglukis awit dhèwèké pancèn pinter
nggambar. Malah ana salah sijiné guruné sing nuturi karo dhè-wèké, supaya
nerusaké sekolah nglukis, supaya ing tembé buri bisa dadi pelukis temenan, awit
dhèwèké pancèn wis duwé dhasar pinter gambar. Pituturé guruné mau tansah dadi
pikir-ané baé.
R. Sukmana wiwit nggambar, sing
digambar potrèté ba-paké kang wis ora ana. Lagi tengah‑tengahé nggambar
duma-dakan kagèt krungu ana wong uluk salam.
“Kula nuwun?”
“Mangga.” wangsulané R. Sukmana
karo menyat mbukak lawang. Nanging dhayohé ora katon mung regemeng-rege-meng
baé, awit ing jaba peteng ndhedhet.
“Sinten?”
“Kula Dèn.”
“Kula sinten niku?”
“Napa pangling kaliyan kula Dèn?”
“Pangling wong peteng.”
“Pangling dhateng kula, dhateng
suwanten rak inggih napa pangling?”
“Sapa ta ya? Mangga ta mlebet.”
“Inggih.” tamu mau mlebu karo nahan guyuné sing kekel.
R. Sukmana bareng weruh dhayohé
mau terus digablogi awit dhayohé mau ora liya Mbok Darmo abdiné RA. Tien
Tisnowati.
“O jebulé kowé Mbok, gawé kagètku.
Kéné lungguh kéné.”
“Inggih Dèn ngriki kémawon.” karo
mapan lungguh ing dhi-pan lan isih ngampet guyuné.
“Kok njanur gunung Mbok, diutus
Ndaramu apa karepmu dhéwé mréné iki.”
“Inggih kalih‑kalih Dèn inggih
diutus kaliyan ndara, inggih saking kajeng kula piyambak.”
“O ngono ta. Diutus apa karo
bendaramu?”
“Kabaripun Dèn Suk mentas gerah,
gerah punapa Dèn?”
“Ah mung masuk angin baé kok Mbok,
karo kaworan mala-ria, nanging saiki wis mari.”
“O inggih sukur. Panci sakit
satunggal niku jahat sanget, tiyang waras‑wiris, manawi katrajang lara siji
niku nggih sam-bat, lajeng ambruk. Niku dèrèng Dèn, onten malih bangsaning lara
niku, langkung jahat sanget, sinten katrajang mesthi am-bruk. Malah boten trima
ambruk mawon, adat sing empun sing kataman sok bekah‑bekuh ngaten, malah onten
sing ngeng-leng lan dleming.”
“Lho lha lelara apa kuwi Mbok?”
“Nggih niku. Mala ..... rindhu Dèn.” karo ngampet guyuné.
“Malarindhu? Lelara apa kuwi
Mbok?”
“Allah Dèn, nggih sakit niku
jenengé rak empun mastani. Mala niku tegesé lelara, rindhu niku kangen, dadi
lara malarin-dhu niku lara kangen. Sintena kémawon yèn ketaman lara siji niku
boten enèm boten sepuh, boten kakung, boten putri, mes-thi badhé gonjing miring
saèstu panggalihipun. Dados sami ka-liyan sakit asma, yèn wingking dipuntambahi
ra, inggih angèl jampinipun.”
Krungu gunemé Mbok Darmo kaya
ngono mau R. Sukma-na mèsem, ngerti yèn lagi disemoni déning Mbok Darmo sing
pancèn dhasaré wong lucu, lan wis ngerti menyang lelakoné R. Sukmana karo
bendarané, awit saben‑saben ana layang, ya mesthi metu Mbok Darmo.
“Iya bener Mbok, bener.”
“Lha rak leres ta Dèn?”
“Iya, ya. Lha kowé diutus apa karo
bendaramu Mbok?”
Mbok Darmo ora mangsuli, nanging banjur nyedhaki R. Sukmana
karo bisik‑bisik.
“Lha keng ibu wonten pundi Dèn,
kok sepen, napa sampun saré?”
“Ibu tindak jagong nyang Kestalan
Mbok.”
“O sukur yèn ngaten Dèn. Sowan
kula niku pancèn dipun-utus Ndara Ajeng, dipundhawuhi maringaken jampi kangen
kagem panjenengan Dèn.”
“Tamba? Tamba kangen Mbok?”
“Jampi kangen gerah panjenengan.
E, jampiné niku ces-pleng sanget, saged kontan mantun.”
“É, é teka pinter temen Ndaramu
kuwi, jamuné apa coba ulungna.”
“Nyebar godhong kara. Sabar Dèn,
sampun kasesa, mangké kula pendhetipun rumiyin.” Bubar celathu mengkono Mbok
Darmo terus njupuk barang kang ditlesepaké ing seta-gené banjur diulungaké R.
Sukmana.
“Lho kok layang Mbok, endi
tambané?”
“Inggih niku Dèn jampiné, niku rak
langkung cespleng sa-nget katimbang jampi limrah niku.”
R Sukmana nampani layang karo
gumuyu.
“O inggih Dèn, kula badhé nyuwun
priksa, ingkang saweg kagungan damel mantu Kestalan punika sinten?”
“Pak Harjowiyata, pènsiyunan
mantri guru, Mbok.”
“O napa ingkang asli saking
Pacitan punika Dèn?”
“Iya bener kok Kowé ngerti?”
“O sampun sanget Dèn. Yèn ngaten,
ndara mantri saweg mantu putranipun
putri, Dèn Rara Tien.”
“Iya bener kok wis ngerti Kowé
Mbok?”
“Ngertos mawon Dèn, tiyang kala
rumiyin dalemipun Nda-ra Mantri punika celak kaliyan gubug kula, namung keletan
pa-ger. Malah kala semanten Dèn Rara Tien taksih alit, sering ku-la bebéda.
Pancèn Dèn Rara Tien niku laré ayu, panggalihipun saé. Angsal sinten Dèn?”
“Yèn ora kleru R. Iskandar Mbok.”
“Ah
yèn ngoten begja sing kagungan nggih Dèn, dhasar Dèn Rara Tien ayu, sugih tur
pinter, saiba senengé benjang.”
“Apa
wong jejodhoan kuwi sing digoleki mung rupa lan kasugihané Mbok, rak ya ora ta
?”
“Yèn
kula inggih kalih‑kalihipun ngoten kok Dèn? Nanging ingkang baku tir padha
irengé rak inggih Dèn?
“Lho
kok dadi tir padha irengé kuwi piyé Mbok?”
“Ah
Dèn Suk niku mbodhoni napa? Tir padha irengé niku sir padha senengé. Ditambahi
malih, kreneng wadhah urang, wong seneng niku regané larang.”
Mbok
Darmo gumuyu kekel. R. Sukmana mèsem.
“Pancèn
ngono Mbok, nanging ya kuwi, senajan wis tir pa-dha irengé, nanging yèn wong
tuwané ora nglilani, rak ya ora bisa klakon.”
“Niku
leres Dèn. Mula yèn onten tiyang sepuh ngoten niku patuté dibrantas Dèn, awit
sampun boten njamani malih. Ja-mané saya dangu saya majeng, tiyang sepuh kedah
manut dhateng laré, awit sing ajeng nglakoni omah‑omah niku rak sa-nès sing
sepuh, nanging putrané. Wong tuwa mung kantun nyawang, rak ngaten ta Dèn. Mila yèn onten tiyang
sepuh sing boten anujoni dhateng kareping anak, niku wong tuwa kolot, sing
wajib dibrantas, awit empun boten jamani malih.” Mbok Darmo karo ngotot gunemé.
“Pancèn
ya bener kaya ngono Mbok. Ananging yèn wong tuwané panggah sebab saka naluri
asal‑usulé, sing ora padha, ya ora kena dipaido.”
“Ah
yèn kula sing nglakoni mangka kula sampun seneng kalih bocahé lanang, trima
mberot kémawon Dèn.”
“Nanging
Mbok, yèn nganti diréwangi banjur mberot ba-rang, utawa bocahé lanang nganti
mlayokaké, aku ora setuju, awit tindak mberot lan mlayokaké bocah wadon iku ora
apik, dosané werna loro.”
“Lho
kok dosa werni kalih punika kados pundi Dèn?”
“Sepisan
dosa karo wong tuwané bocah wadon, kaping pindhoné, dosa menyang Pangèran. Sing
becik iku yèn kabèh padha setuju. Iku apik, uripé bakal kepénak lan seneng.”
“Niku
rak yèn saged kados ngaten Dèn, pancèn inggih uta-mi sanget. Nanging yèn, wong
tuwa boten nocogi, beciké ing-gih ditinggal minggat mawon, bocahé lanang dijak
niku empun bèrès. Kados lelampahan kula rumiyin inggih ngaten, nalika badhé
angsal bapaké Darmo, tiyang sepuh kula malangi. Na-nging kula lajeng nekat
mberot, émah‑émah kaliyan bapakipun Darmo, ngadhep Pak Pengulu. Tiyang sepuh
kula wiwitané inggih muring‑muring, nanging lajeng lilih, malah sapunika tresna
sanget dhateng bapakipun Darmo.
“Wewatakané
wong iku ora padha kabèh Mbok, ana sing keras, ana sing mung setengah‑setengah,
lan ana sing lembah manah. Dadi ora padha kaya uyah, dicampur padha asiné,
padha leteng. Balik manungsa ora mangkono. Mula bab iki aku ora bisa nyalahaké
lan ya ora mbeneraké. Kabèh‑kabèh mau mung kari duga prayoga menyang sing padha
arep nglakoni.”
“Niku
leres Dèn, yèn ngaten kula trimah kawon. Ah jebulé sampun dalu Dèn, kula
kepareng nyuwun pamit.”
“Wong
durung ana jam 9 baé kesusu bali. Apa ora ngen-tèni rawuhé ibu, sadhéla engkas
rak wis kondur.”
“Matur
nuwun sanget Dèn, sampun dangu mindhak dipun-ajeng‑ajeng Dèn Ajeng.”
“Ya
wis kana balia yèn kowé ora gelem daktahan.”
“Ah
panjenengan niku lucu sanget Dèn, tiyang kula sanès tiyang tahanan inggih boten
purun,” karo gumuyu kekel.
R.
Sukmana mèlu gumuyu.
“Ah
sampun Dèn, sampun dalu.”
“Iya
Mbok nyangoni slamet.”
Bareng
Mbok Darmo wis ora katon R. Sukmana banjur nu-tup lawang. Layang énggal‑énggal
dibukak, diwaca uniné mangkené.
Kangmas Sukmana gagantilaning atiku
Wis ana 5 dina iki aku ora
metu‑metu saka kamar, amarga ke-taman ing lara, lara kang séjé karo lara lumrah
kaé. Selawasé aku urip ya nembé sepisan ji iki aku ketaman lara sing kaya ngéné
iki, saben dina saliyané sedhih, trenyuh, wis ora ana manèh. Nanging saupama
panjenengan tansah ana ing sandhingku kéné, kiraku énggal mari laraku. Déné
jalarané aku banjur ambruk iki, amarga kurang sepuluh dina engkas aku sida arep
diomah-omahaké karo R. Purwodirjo Komis Pos Malang, kang pantesé dakundang
bapak, aku didhawuhi ngladèni. Atiku lara banget Mas, lara banget.
Aku saiki wis ora bisa
budi manèh, kudu manut menyang ker-sané wong tuwaku. Ibu wanguné welas karo
aku, banjur matur karo rama. Nanging rama malah saya duka, ibu didukani
akèh-akèh. Adhuh Mas, aku wis ora bisa polah manèh, awakku kaya wis dibelenggu
nganggo ranté kang kenceng, nganti ora bisa obah. Rina lan wengi bisaku mung
nangis wis ora ana manèh, kancaku mung bantal kang teles déning eluhku. Sepuluh
dina manèh aku wis ora suci, wis klebu naraka donya.
Bokmenawa wong sakjagat
rat iki sing susah dhéwé mung aku. Saking ora kuwat nahan siksaning urip iki,
mèh baé aku nindakaké lelakon sing nggegrisi. Tujuné aku banjur pinaringan
éling. Saiba bakal kucemé asmané rama yèn aku nganti klakon nindakaké lelakon
sing ngeres‑eresi mau Pepuntoning atiku aku banjur mung pasrah menyang sing
Mahakuwasa.
Mas, aku teka kangen,
kepéngin ketemu karo panjenengan, kepéngin nyawang panjenengan kanggo kang
pungkasan, sena-jana mung sedhéla waton klakon bisa ketemu, wis lega atiku.
Ananging sayang Mas, aku
ora bisa lunga‑lunga. Mula saka iku, aku nduwé panyuwun karo panjenengan,
kersaa rawuh ing omahku sésuk bengi, wayah jam 11. Metua lawang butulan sisih
kulon, panjenengan dakanti ana petamanan wétan omah. Poma-dipoma pinangkanana
panyuwunku iki. Aku wis kapang banget karo panjenengan, ora kétang sedhéla,
waton ketemu, karebèn le-ga rasaning pikirku, kang saben dina tansah nguneg‑uneg
ana dhadhaku. Ana perlu penting sing arep dakaturaké.
Mung iki aturku.
Rayi tuhu tresna
Tien Tisnowati
R.
Sukmana judheg, sedhih, trenyuh, maca layang mau. Nganti wengi ora bisa turu,
saking welasé karo RA. Tien. We-wayangané katon ngléla cetha ana ngarepé, kaya‑kaya
njaluk supaya diwelasi. R. Sukmana nangis, kaya bocah cilik.
Jam 11
bengi.
Bengi
iku peteng ndhedhet, katambahan mendhungé ka-ton ireng, angendhanu[1]
ing awang‑awang. Lintang‑lintang mung siji loro katon pating krelip. Hawané
adhem, anginé silir-silir sumiyut. Ing ngendi-endi wis katon sepi nyenyet.
Lamat-lamat keprungu panggonggongé asu rada adoh.
Dalemé
RB. Jayèngsubroto ing Tamtaman wis katon sepi nyenyet, malah wis saèmper kaya
cungkup ing tengahing jarat-an, katon serem medèni peteng kéyuban wit‑witan kang
dhu-wur godhongé ketel. Mung ing buri isih ramé, swaraning ko-dhok ngorèk ana
mblumbang, ayaké lagi seneng‑seneng karo kanca‑kancané, pating cruwèt pating
theruk padha ngorèk.
R.
Sukmana wis rada suwé ana sajroning petamanan ngentèni wetuné RA. Tien Tisnowati,
lungguh ana bangku kang wis disedhiyakaké ana kono, papan kanggo ngénggar‑énggar
ati, nyawang kekembangan.
Lungguhé
ora jenjem, bola‑bali tansah mandeng menyang lawang butulan. Gagasané ngambra‑ambra
banget. Adheming hawa lan petenging kahanan ora dirasa, awit atiné daya‑daya
énggala bisa ketemu karo wanita kang dadi telenging ati.
R.
Sukmana kagèt anggoné ngalamun, bareng krungu swaraning, loncèng Kraton muni
ping sewelas. R. Sukmana banjur alon‑alon menyat, ngawasaké menyang lawang butulan.
Ora
suwé keprungu gumeriting lawang lirih banget lan je-medhuling wewayangan metu
karo nolèh ngiwa nengen. R. Sukmana ora samar manèh yèn sing metu mau RA. Tien
Tis-nowati. Mula banjur énggal‑énggal diparani. Bareng wis adu arep banjur
gapyuk, wong loro padha rerangkulan, tangis-tangisan.
“Mas
......................!”
“Apa
Dhiajeng?”
Ya mung
kaya mengkono swara kang keprungu lirih banget.
Nganti
sawatara suwé wong loro mau anggoné padha re-rangkulan. Dhadhané R. Sukmana
kebak luh, luhé R.A Tien Tisnowati kang metuné ora kena diampet manèh,
carocosan metu nélakaké isining dhadhané kang tansah ngontog‑ontog, lagi bisa
ditokaké kabèh kanthi lumantar ilining luhé mau.
Ora suwé R.
Sukmana éling, pangrangkulé RA. Tien Tisnowati diudhari, alon‑alon dituntun,
digawa lungguh ing bangku. Ta-ngisé isih mingseg‑mingseg memelas banget. Tekan
bangku terus ngambruk, ngrungkebi dhadhané R. Sukmana tangisé saya ndadi.
Wektu
semono RA. Tien Tisnowati mung menganggo ki-mono sutra tipis, rambuté kang dawa
menges‑menges dioré nganti tekan sadhuwuring dhengkul. Gegandaning wewangi kang
dienggo déning R.A Tien Tisnowati ngambar wangi, mle-bu irungé R. Sukmana terus
mlebu ing jantung, saya gawé anglesing atiné R. Sukmana. Rambut kang mandhul‑mandhul
dioré banjur dielus‑elus alon‑alon kanthi trenyuhing ati, driji kang mucuk ri
alus lumer tansah kanggo dolanan tangané R. Sukmana, diremed‑remed, saya gawé
gonjinging pikirané R. Sukmana. Nanging ora suwé banjur éling manèh.
“Dhiajeng
Tien lungguha dhisik. Tangismu buwangen, ka-repbèn ora keprungu karo sing ana
dalem. Dhiajeng..........?” celathuné R. Sukmana alon‑alon, trenyuh atiné. RA.
Tien Tis-nowati ora mangsuli, malah pangrangkulé saya dikencengi, R. Sukmana
nganti ora bisa ambegan.
“Dhiajeng
pepujané pun kakang dhéwé, wis ta aja kaya mengkono mundhak atiku saya sumedhot
banget. Aku ora ku-wat nyawang kowé kaya ngono iki. Tangismu gawé trenyuhing
jiwaku. Élinga Jeng. Menenga .................!”
“Kangmas,
bèné dhisik ta, bèn tutug anggonku nangis iki, supaya marem lan lega pikirku,
awit aku kapang banget karo panjenengan.” Wangsulané kanthi sedhih nrenyuhaké
ati.
“Adhuh
Dhajeng, nyawa gegantilaning atiku. Delengen, élinga. Aku ora maido Dhiajeng,
prekara kaya mangkené, rasa-né kaya dijuwing‑juwing remuk.”
“Amrih
beciking lelakon kepriyé Mas?” karo menyat.
“Beciké
kowé ya kudu manut miturut menyang kersané ra-mamu, aku lalèkna, awit keng
ramamu ora marengaké yèn ko-wé, omah‑omah karo aku, malah sajak gething priksa
aku. Kang iku Dhiajeng, memaniking pun kakang dhéwé, ya mung iku dalané sing
utama lan kang becik dhéwé, aku lan kowé kudu pisah.”
“Adhuh
Kakangmas, atiku saya nggrantes, saya trenyuh krungu pangendikamu sing kaya
ngono iku. Apa Kangmas wis luntur katresnané karo aku?”
“Dhiajeng
pepujaanku, gegantilaning nyawaku cah ayu. Katresnanku karo kowé ora owah
gingsir, malah saya tambah gedhé. Ya mung kowé wanita salumahing bumi kang,
tansah daktresnani, lair tumekaning batin. Bok donya dadi kiyamat pi-san ta,
katresnanku karo kowé rak tetep langgeng, tetep ora owah-owah. Ora ana wanita
sadonya sing dakpepuja kajaba mung kowé dhéwé. Katresnanku wis daksokaké karo
kowé, ngungkuli katresnanku menyang awakku dhéwé. Wondéné enggoné arep pisah
iki rak dudu saka karepku lan karepmu, nanging saka karsané ramamu. Keng rama
enggoné kagungan kersa kaya mengkono mau bokmanawa wosé arep ngéman karo kowé
Dhiajeng, lan jaga supaya drajating kaluhurané ora mrosot ora ilang. Awit
saupama kowé olèh aku, drajatmu bakal mrosot, uripmu bakal sangsara, awit wong
ora duwé. Bokma-nawa ya merga saka iku dadi jalarané kang rama banjur misah aku
lan kowé. Élinga Dhiajeng, ora ana wong tuwa kang bakal ngIoropaké anak ana ing
jurang kanisthan. Dadi kabèh mau wosé kanggo njaga supaya anaké seneng ing
tembé buriné.”
“Nanging
Mas sepisan, aku ora kadunungan rasa tresna karo wong sing arep mengku aku.
Kapindhoné wong mau pantesé dadi bapakku, teka didhawuhi ngladèni. Apa kuwi
jeneng wong tuwa arep gawé seneng karo anak?”
“Dhuh
jejimaté pun kakang dhéwé cah ayu manis. Bab ka-tresnaning wong jejodhoan kuwi
bisa tinemu yèn wis dadi jo-dhoné paribasan nyebutaké: witing trisna jalaran
saka kulina. Saiki Dhiajeng ora seneng, nanging sapa ngerti yèn wis dadi
jodhoné katresnan iku bakal thukul dhéwé satemah sliramu banjur tresna lan
seneng. Déné bab bakal guru lakimu wis tu-wa kuwi ya ora dadi sebab apa‑apa.
Awit akèh waé wong tuwa sing tresna karo bojoné sing isih nom, contoné wis
akèh. Mula beciké kowé kudu manut sakabèhing dhawuhé wong tuwamu. Ya mung iku
dalaning kautaman, lan kowé dhéwé dadi tetep sawijining anak sing bekti karo
wong tuwa.”
“O
alah Kangmas, kang mangka kabèh katresnanku wis daksokaké kabèh karo
penjenengan, apa aku didhawuhi nja-bel? Ora bisa Mas, ora bisa. Aku ora bisa
maro katresnanku menyang priya liya, kajaba mung karo panjenengan dhéwé. Ri-na
wengi sing dakpikir ora ana manèh rak mung panjenengan. Panjenengan dhéwé
banjur kepiyé?”
“O
memanising jiwaku Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Bab kahananing awakku ora susah
kok pikir banget‑banget, aku wis narima ing papesthèn. Pancèn, katresnan iku
kudu wani kor-ban. Saking gedhéning katresnanku karo sliramu, aku kudu wani
korban, korban ngeculaké sliramu.”
“Apa
ora beciké ayo padha lunga saka kené baé. Aku dak-ndhèrèk panjenengan
sakersané, waton aku terus tetep ora ana sandhing panjenengan.”
“Aja
Dhiajeng, aja. Awit wong minggat kuwi ora becik sepi-san dosa karo wong tuwa,
kapindhoné dosa menyang Gusti Al-lah. Uripé bakal nandhang papa cintraka terus.
Mula aku ora nayogyani banget, jalaran katresnanku karo sliramu iku thukul saka
sucining ati, ora mung lair baé. Saupama katresnanku ka-ro sliramu thukul ora
saka sucining ati, bisa uga aku banjur ge-lem nuruti penjalukmu iki, sliramu
dakgawa minggat. Nanging bareng katresnanku, lair batin, aku ora mentala
minggat.”
“Adhuh
Mas, teka abot temen sangganing uripku iki. Nga-lor, ngidul, ngétan, ngulon
tiba salah kabèh. Dhuh Gusti, yèn kaya mengkené mbok énggal dipundhuta baé
nyawaku, aku wis téga.” Tangisé ngguguk manèh.
R.
Sukmana saya judheg banget. Atiné dhéwé satemené kaya diiris‑iris,
dijuwing-juwing rontang‑ranting awit satemené sakabèhing gunemé mau mung kanggo
ngénaki sarak baé, ba-tiné dhéwé krasa remuk, ambyar dadi sawalang‑walang. Mèh
baé R. Sukmana arep jabel tembungé kang wis kawetu, awit atiné dhéwé banjur
rontang‑ranting, semono gedhéning sih-ka-tresnané karo, RA. Tien Tisnowati.
Tujuné banjur énggal éling manèh menyang kasatriyané. Wateking satriya tama ora
gelem njabel menyang tembungé sing wis kawetu, aluwung ajur ron-tang-ranting
pisan, dilakoni katimbang njabel tembungé dhéwé.
“Dhuh
mirahé pun kakang dhéwé cah ayu, wis ta aja na-ngis aku ora kuwat nyawang kowé,
atiku kaya diremuk‑remuk kaé, nyawaku kaya arep pecat‑pecata kaé krungu
sambatmu sing kaya ngono, saya nggégé pati. Aja Dhiajeng, aja, élinga wong kang
nggégé pati iku pratandha yèn wong sing cupet bu-diné, ora percaya ing Gusti.
Sebaliké wong kang kuwat nam-pani sakabèhing godha‑rencana. Gusti Allah bakal
paring ka-nugrahan gedhé. Mula élinga Dhiajeng, élinga.”
“O
Kakangmas. Yèn ngono panjenengan kepriyé? Aku te-ka ora percaya temen, dakkira
sakabèhing pangandikamu mau mung perlu kanggo ngénaki sarak baé, kanggo
mbombong atiku.”
“O
Adhiku Jeng, adhiné pun kakang dhéwé, pepujaning nyawaku. Sepisan manèh
dakambali gunemku. Pancèn abot banget sanggané wong kang kapedhotan ing rasa
sih-katres-nan sejati mau. Katresnan sejati pancèn kudu wani gawé kor-ban
sakabèhing korban. Dadi sliramu ya kudu wani ngilangaké sakabèhing katresnan
karo aku. Kosok baliné aku dhéwé ya kudu wani ngilangaké katresnané menyang
sliramu ya kuwi sing jeneng korban. Kapindhoné kudu wani korban manèh, kor-ban
kanggo nanggulangi sakabèhing godha‑rencana. Élinga Dhiajeng, wiwit cilik
sliramu tansah didama‑dama, diitik‑itik, di-gulawenthah déning wong tuwamu.
Mula sliramu kudu bisa males kabecikan karo wong tuwamu yaiku sarana manut
mitu-rut sakabèhing dhawuhé. Ya mung iku dalaning korban kang wajib koktempuh,
koklakoni Dhiajeng.”
Krungu
gunemé R. Sukmana kang tatas titis lan tetes mau RA. Tien Tisnowati ora bisa
mangsuli, banjur ngrangkul pun-dhaké R. Sukmana, kanthi tangis mingseg‑mingseg
memelasi. Pundhaké R. Sukmana nganti adus luh, luhing katresnan lan kasedhihan.
R. Sukmana dhéwé rumangsa semplah banget atiné tambah‑tambah anggoné rontang‑ranting
ajur kumur-kumur.
“Wis
ta Dhiajeng adhiku wong ayu aja kakèhan sing kok-galih, mundhak malah saya gawé
trenyuhing atimu. Kaya‑kaya iki wis mèh jam loro, prayogané patemonan iki
dicupet tekan seméné baé, awit mengko yèn nganti kepirsan karo keng ra-mamu
mesthiné bakal ora becik kedadéané, luput sembiré aku bakal didakwa sing ora‑ora.
Mula saiki wis ora perlu digalih da-wa manèh, beciké kari andum slamet baé,
sliramu dakdongak-aké bisaa urip sing kepénak, semono uga aku, aku ora ana
alangan apa‑apa.”
RA.
Tien Tisnowati ora bisa mangsuli, mung njengèngèk ngawasaké R. Sukmana, karo isih
nyekeli pundhaké kenceng.
“Dadi
Kangmas wis lila legawa tenan ngeculaké awakku?”
Krungu
pitakon kang teteg mau. R. Sukmana rada ngen-dhelong pikiré, lakuning getihé
kaya mandheg, mula nganti su-wé kaya wong getun. Bareng bisa mangsuli, gunemé
seret lan alot.
“Uwis
Dhiajeng uwis.”
“Dadi
Kakangmas wis éklas temenan?”
“Uwis
Jeng, uwis.”
RA.
Tien Tisnowati krungu wangsulan kaya ngono, terus ngrangkul manèh menyang R.
Sukmana kenceng. R. Sukmana diarasi sakatogé. Bareng wis krasa marem nembé
gelem ngu-dhari pangrangkulé.
“Wis
Mas, aku nyuwun pangèstu.”
“Iya
Jeng. Iya.”
RA.
Tien Tisnowati nuli dituntun déning R. Sukmana nganti tekan sangarepé lawang.
RA. Tien Tisnowati isih rangu‑rangu atiné rumangsa abot banget anggoné arep
mlebu ngomah. Ta-ngané kenceng ngrangkul R. Sukmana nganti. R. Sukmana ora bisa
apa-apa, tangising R.A Tien Tisnowati saya gawé angles-ing jiwané. Wong loro
adus luh, udan tangis, udan kesedhihan kang tanpa ana wekasané, nganti mèh gawé
guguring imané R. Sukmana.
Tujuné
isih pinaringan éling ing sakabèhané. Paneceping lathi dikendhoni dipungkasi
tekan semono.
“Wis
Dhiajeng, énggal mlebua, wis bengi.”
“Sugeng
saré Mas.”
Bubar
celathu ngono terus mlebu, lawang ditutup alon-alon. R.A Tien Tisnowati wis ora
katon. R. Sukmana kari ang-gana ijèn, kaya tugu. Nganti suwé R. Sukmana ngadek
kaya reca ora bisa obah. Kagèt‑kagèt bareng krungu swaraning ku-cing lagi
kerah. Kanthi semplah, R. Sukmana sempoyongan metu saka kebon pekarangané RB.
Jayèngsubroto. Tekan la-wang butulan, mèh baé ambruk, ajaa ora énggal‑énggal
olèh cekelan cagak. Lakuné tansah sempoyongan mulih, awak lungrah. Rumangsané
saisining alam donya dadi sepi nyenyet peteng lelimengan.
Tekan
undhak‑undhakaning lawang omahé dhéwé R. Suk-mana wis ora kuwat jumangkah
manèh. Rasaning awak sako-jur wis semplah lemes, sikil krasa ndhredheg, kanggo
jumang-kah abot, kaya digondhèli.
Ya Allah .............. ya Rasullullah. Donya saka
rumangsané wis malih peteng lelimengan, kebak lelakon sing nrenyuhaké ati.
Wusana R. Sukmana ambruk semaput ora éling .....
Pancèn
Gusti Allah luwih Kuwasa, bisa gawé senenging titahé lan uga bisa gawé
tangising titahé. Ya kaya mengkono mau isèn‑isèning alam kang gumelar iki.
Bersambung ...
Comments
Post a Comment