PITUTUR LUHUR SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR

 

Pitutur Luhur asale saka tembung "Pitutur" kang tegese piwulang, piweling utawa tuntunan, lan “Luhur” kang tegese dhuwur, linuwih, unggul lan utama.

Pitutur Luhur Jawa akeh sumimpen ing maneka karya sastra wiwit saka bebasan, saloka, unen-unen, parikan, wangsalan, ila-ila utawa gugon tuhon, crita wayang, tembang lan liyane. Kabeh mau menehi piwulang becik mungguh paugeraning wong urip supaya bisa dadi manungsa kang utama lan duweni bebuden luhur.

Pada 1

Mingkar-mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.

Tegese :

Dadi wong tuwa kang duwe niat ndhidhik putra, kudu bisa nyontoni bab kang becik, kalebu nyingkiri bab hawa nepsu angkara murka. Ndhidik putra srana tembung utawa cara kang becik, alus, endah bakal luwih bisa ditampa anak tinimbang nganggo cara utawa tembung kang kasar. Agama dadi pondhasi kang paling bakoh kanggo ndhidhik putra, yaiku klambine wong urip.

Pada 2

Jinejer ing Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samasane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.

Pitutur 2

Sanadyan wis tuwa, nanging yen ora gelem sinau bab olah rasa kayadene sepa sepah ora ana isine. Lumrahe, wong kang ora gelem sinau bab rasa, anane mung rumanga bener lan ora ngerti klirune dhewe, kalebu mung bisa tumindak grusa-grusu gawe isin. Piwulang utama diandharke lumantar Wedhatama supaya ora mlarat ngelmu, tegese supaya sugih ngelmu kudu gelem sinau, lumantar apa wae kalebu saka serat Wedhatama.

Pada 3

Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo peparah lamun angling,
lumuh ingaran balilu,
uger guru aleman,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
sinamun ing samudana,
sesadoning adu manis .

Pitutur 3

Wong iku aja senengane mung nggugu karepe lan benere dhewe, kabeh iku ana paugeran lan pranatan ora angger tanpa petung. Aja seneng mburu kepengin dialem dening liyan, jalaran lumrahe pangalembana ndadekake lali marang samubarang bab. Ciri wong kang duweni ngelmu sejati lumrahe ora ngatonake kapinteran lan kaprigelane.

Pada 4

Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkangipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang sipingging.

Pitutur 4

Wong kang akeh omongan, lumrahe ora ana isine lan uga ora rumangsa kliru, mula dingati-ati marang sakabehing pangucap. Sing diarani waskitha iku luwih ngerti marang samubarang bab, kepara malah akeh ngalah kanggo nutupi klirune liyan.

Pada 5

Mangkono ilmu kang nyata,
sanyatane mung weh reseping ati,
bungah ingaran cubluk,
sukeng tyas yen den ina,
nora kaya si punggung anggung gumunggung,
ugungan sadina dina,
aja mangkono wong urip.

 Pitutur :

Yen duwe ngelmu iku becike digunakake kanthi becik, dimen migunani lan aweh katentremaning ati.
Sinau andhap asor, nglenggana, yen mung diarani bodho utawa diina wong liya, malah didadekna pasinaon kanggo dadi luwih becik. Urip aja mung dingo pamer lan sombong ing sabendinane.

Pada 6

Uripa sapisan rusak,
nora mulur nalare ting saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.

 Pitutur :

Urip kang mung sepisan kudu digunakake kanthi becik, nalar lan pikirane kudu diolah supaya ngasilake tumindak kang becik. Bocah nom-noman saiki akeh kang rumangsa kumaki, kayadene gua peteng kang suwung ora ana isine, nanging sing dipenke mung adu karosan lan kegedhen kuwanen.

Pada 7

Kikisane mung sapala,
palayune ngendelken yayah wibi,
bangkit tur bangsaning luhur,
lah iya ingkang rama,
balik sira sarawungan bae durung,
mring atining tata krama,
nggon-anggon agama suci.

Pitutur

Bocah nom-noman kang ora duwe tujuan urip, lumrahe mung ngendelke drajat, pangkat, kaluhuran sarta banda donya wong tuwane. Srawunga marang wong akeh, supaya ngerti bab tata krama lan paugeraning agama suci.

Pada 8

Socaning jiwangganira,
jer katara lamun pocapan pasthi,
lumuh asor kudu unggul,
sumengah sesongaran,
yen mangkono kena ingaran katungkul,
karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.

 Pitutur

Pangucap iku mujudake watak lan kapribaden manungsa, saka pangucap bisa dimangerteni kepriye sejatine karaktere manungsa. Wong saiki padha ora gelem kalah, mburu bener lan menange dhewe. Bocah nom-noman saiki luwih seneng nengenake kaprawiran utawa adu kanuragan.

Pada 9

Kekerane ngelmu karang,
kakarangan saking bangsaning gaib,
iku boreh paminipun,
tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging kulup,
Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.

 Pitutur:

Aja gampang percaya marang barang sing katone becik, nanging jebul amung ana kulit wae, ora nganti tekan njerone. Wong kang seneng ngatonake kabecikan mung ana ing njaba utawa kulit, bisanane ora tekan njero, mula nalika ketemu bebaya lan perkara mesthi mblenjani, nglungani lan ngendhani.

Pada 10
 
Marma ing sabisa-bisa,
babasane muriha tyas basuki,
puruitaa kang patut,
lan traping angganira,
Ana uga angger ugering kaprabun,
abon aboning panembah,
kang kambah ing siang ratri.

Pitutur

Sabisa-bisane tansah ngupayakake duweni ati kang resik. Sinau lan mergurua marang wong kang pas lan uga jumbuh utawa trep karo awakmu. Rina lan wengi tansah sinau dadi wong kang gelem nurut marang paugeran lan pranataning negara.

Pada 11

Iku kaki takokena,
marang para sarjana kang martapi,
mring tapaking tepa tulus,
kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu,
tan mesthi neng janma wreda,
tuwin muda sudra kaki.

Pitutur :

Senenga takon marang para sarjana sujana kang padha seneng sinau marang patuladhaning urip kang bener lan pener. Wong kang duweni nggelmu kuwi durung mesthi asale saka wong kang wus tuwa, bisa uga saka wong nom utawa wong kang ora sugih. Mula aja nyepelekake marang wong liya.

Pada 12

Sapantuk wahyuning Allah,
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bangkit mikat reh mangukut,
kukutaning Jiwangga,
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh,
liring sepuh sepi hawa,
awas roroning ngatunggil.

Pitutur :

Sapa wae bisa antuk wahyuning Gusti, uger tansah gelem ngupaya lan bisa ngolah ngelmu kang ndadekake kasampurnane jiwa raga. Wong sepuh iku Pitutur wong kang wus bisa nggayuh kasampurnane ngelmu, yaiku bisa meper lan ngedohi hawa nepsu, nyawiji antarane dhiri lan Gusti.

Pada 13

Tan samar pamoring Sukma,
sinukma ya winahya ing ngasepi,
sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana,
tarlen saking liyep layaping ngaluyup,
pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati.

Pitutur

Manungsa bisa nyawiji, manunggal klawan Gusti srana lumantar semedi utawa tapa brata (ngibadah) kang tulus saka njero ati. Ngibadah kang tulus marang Gusti bisa nuwuhake rasa ayem tentrem kang sejati ing dhiri.


Pada 14

Sajatine kang mangkono,
wus kakenan nugrahaning Hyang Widi,
bali alaming ngasuwung,
tan karem karamean,
ingkang sipat wisesa winisesa wus,
mulih mula mulanira,
mulane wong anom sami.

 Pitutur :

Satemene wong kang wus kasil nyawiji klawan Gusti lumantar ngibadah iku wus antuk kanugrahaning urip kang sejati. Manungsa aja nganti gelem dikuasani lan dikendhaleni dening hawa nepsu bab kadonyan kang semune nyenengake nanging sejatine bakal ngrekasakake. Manungsa kang tansah eling marang Gusti bakal mangerteni bakale mulih bali marang asale.

Comments

Popular Posts