NOVEL BAHASA JAWA
Apa kuwi novel? Apa sampeyan wis tau maca novel? Sakdurunge mangerteni babagan novel, prelu mangerteni babagan kasusastran jawa, amarga novel kuwi kalebu salah siji perangan saka kasusastran. Apa kuwi kasusastran?
1. Pangerten Kasusastran
Kasusastran yaiku saka tembung susastra kang pikantuk wuwuhan ka + an. Tembung susastra saka tembung su + sastra, su tegese endah utawa sae, sastra tegese seratan. Dadi tembung susastra tegese seratan kang endah. Wuwuhan ka + an nggadhahi teges perkara kang ana gegayuhane karo seratan kang endah. Kassusastran iku keperang dadi 4 periode, yaiku :
- Sastra Jawa Kuna : Sastra Jawa kang ana sakdurunge ana pengaruh agama islam.
- Sastra Jawa Pertengahan : Sastra Jawa kang ana nalika jaman kerajaan Majapahit yaiku antarane wiwit abad 13 tekan abad 16. Ing jaman iki wiwit dikenalake geguritan (puisi Jawa) kang nduweni paugeran/pathokan utawi mentrum Jawa kang diarani kisung.
- Sastra Jawa Baru : Sastra Jawa kang ana nalika agama islam mlebu ing tanah jawa, yaiku saka tlatah Demak. Ing jaman iki wiwit dikenalake kasusastran kayata serat, suluk, babad. Lsp.
- Sastra Jawa Modern : Sastra Jawa kang ana wiwit jaman penjajahan Jawa tekan saiki. Rikala jaman biyen, para tiyang Walanda maringi pangertosan babagan kasusastran barat kayata esai, roman, novel. Fable, legenda, lsp.
- Esai : Seratan kang nggambarake sawijining pamanggih babagan sawijining perkawis.
- Roman : Kasusastran kang bentuke gancaran (prosa) kang ngadhahi tema kasmaran
- Fable : Cerita fiktif kang paragene awujud kewan
- Legenda : Kasusastran fiktif kang ngemu crita babagan dumadine sawijining papan
- Novel : Kasusastran fiktif kang misuwur, wujude gancaran (prosa) kang dawa.
Novel yaiku kasusatran kang wujude gancaran (prosa) ingkang dawa, ngemu cerita kahuripan manungsa karo wong liya, lan ngegesake watak saha sipat para lakon. Uga bisa disebut menawa novel kuwi ngemu konflik sing maneka warna (kompleks), perkara sing ora bisa ngrubah nasib, mung nyritakake salah siji kahanan manungsa kang manika warna (kompleks).
Unsur-Unsur Novel
Kanggo mbanggun salah siji cerita, novel nduweni unsur-unsur kang ana sesambungane antara siji lan liyane. Unsur-unsur kang mbangun mau kaperang dadi 2 jenis, yaiku unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik.
Unsur Intrinsik Novel
- Tema : gagasan pokok / ide pokok kang dadi undering rembug
- Alur : rerangkening utawa urutaning crita wiwit lekas nganti pungkasan.
- Paraga : wong kang nglakoni ana ing lumakune crita, saka paraga iku bisa ngerteni watak lan gagasane.
- Watak : sikap paraga ana ing njero novel (protagonis lan antagonis)
- Setiing/latar : papan,swasana dumadine crita
- Sudut pandang : posisi pangripta/penulis ing crita
- Amanat : pitutur luhur/ pesen sing arep diwenehke saka penulis kanggo sing maca. Amanat sipate migunani.
- Biografi penulis lan latar belakang penulis
- Kisah ing mburi layar
- Nilai-nilai sing ana ing masyarakat (sosial, ekonomi, agama,lsp.)
....................................................................
Ana sawijining nonoman jenengé R. Sukmana umuré 19 taun, murid MULO duwé kanca kenya, jenengé RA. Tien Tisno-wati putri Sala asli, putrané RB. Jayèngsubroto, pènsiyunan Wedana Bayalali. Dalemé ana Kampung Tamtaman, isih da-rahing priyayi luhur turun ningrat. Kenalé R. Sukmana karo RA. Tien Tisnowati wis lawas banget. Mauné kenalé nonoman loro mau ya mung lugu baé. Nanging lawasing lawas, sakaroné banjur padha thukul rasa katresnan. R. Sukmana tresna karo RA. Tien Tisnowati, Tien Tisnowati nimbangi katresnané. Dadi wis jumbuh loro‑loroné padha kadunungan tresna kabèh, ma-lah nganti wis padha prasetya yèn ing tembé buri padha arep urip bebarengan. R. Sukmana bungah banget atiné, duwé pa-cangan RA. Tien Tisnowati mau. Sepisan dhasar isih darahing ngaluhur, rembesing kusuma, turuning wong andara warih. Kapindhoné atèn-atèné becik lembah manah. Kaping teluné kasulistyané RA. Tien Tisnowati tanpa tandhing, pindha golèk kencana. Kaping paté sing baku padha tresnané.
Nanging kahanan kang kaya mengkono mau émané ora bisa langgeng lan kasembadan. Mbokmenawa pancèn wis gi-naris ing alam Loh Ma'ful yèn nonoman loro mau pancèn dudu jodhoné, lan kudu pepisahan jalaran saka drajaté kang ora pa-dha. RA. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan gèk ora duwé. Déné ce-thané mau bareng kapiyarsan déning keng ramané RA. Tien Tisnowati banget dukané lan ora marengaké yèn R. Sukmana ngarah putriné. Malah R. Sukmana nganti diancam, yèn wani-wani mlaku bebarengan, arep dipasrahaké pulisi. Pancèn kanggoné jaman samono, pulisi iku diwedèni banget, padha karo wong yèn weruh memedi. Mula R. Sukmana banjur ora wani ngaton manèh, tansah ngadoh. RA. Tien Tisnowati dhéwé banjur dipingit, ora kena metu‑metu saka gedhongé, yèn ora lagi ndhèrèkaké rama ibuné.
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur pisah karo RA. Tien Tis-nowati. Nanging sing pisah mung lairé, batiné padha ora gelem pisah, jiwané tansah sesambungan, awit sakaroné katresnané pancèn murni suci, lan wis kadhung padha ngoyodé, padha seminé, thukul ngrembuyung ing jiwa ragané nonoman saka-roné. Mbok jagaté kiyamat pisan katresnan suci ora bakal mati, tetep isih langgeng urip, kang sawayah‑wayah bakal thukul manèh luwih nggegirisi.
................................................................................................................................
Dening : Suprapta Brata
… Ing sawijining dina, eneng bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge Riris lan manik. Bocah telu kae sakben dinone ora iso akur. Nanging, nek pas bocah telu mau kerengan, ibune mesthi luwih mbela Pipin.
Amarga Pipin kuwi anak kandunge, nanging Riris lan Manik kuwi anak tiri.
Pipin nganakake pesta tanggap warsa cara climen ing omahe. Lagi ramene pesta, ibune menyang semaput. Banjur seda. Banjur Detektip Handaka ditekakake. Dheweke nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin amarga diprejaya. Malah podo ribut amarga melu khawatir. Bar kuwi, Pipin kelingan yen dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik. Detektip Handaka banjur marani boca loro kuwi mau ing ngomahe. Sesok e, pas arep dislidhiki, bocah loro kae malah dolang ing nggone kancane, disetitekake Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, sajak ora susah ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwi mau, Detektip Handaka nyimpulake yen sing mrejayani Bu Sulun kuwi inggih menika anake tiri dewe, Riris lan Manik. Bocah kae mau ngaku, dhwewke mrejayani Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwi mau dilebokake ing penjara….
Comments
Post a Comment