Sunday, 2 August 2020

Sejarah dan Watak Tembang Macapat


Tembang macapat adalah karya sastra Jawa yang berbentuk puisi tradisional yang merupakan karya leluhur warisan budaya bangsa Indonesia. Selain di Jawa, tembang sejenis macapat juga ditemukan di daerah lain di Indonesia seperti di Bali dan di Sunda. Sejarah asal mula tembang macapat sampai saat ini masih ditelusuri oleh para ahli sastra dan budaya Jawa.
Ada yang berpendapat tembang macapat diciptakan oleh Prabu Dewawasesa atau Prabu Banjaran Sari di Sigaluh pada tahun tahun 1279 Masehi. Pendapat lain mengatakan bahwa macapat tidak hanya diciptakan oleh satu orang, tetapi oleh beberapa orang wali dan bangsawan. Para pencipta itu antara lain adalah Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Muryapada, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra, dan Adipati Nata Praja.
Pada zaman ajaran Islam masuk ke tanah Jawa, para Wali Sanga menggunakan tembang macapat sebagai media dakwah dalam mengembangkan agama Islam di Pulau Jawa. Syair-syair yang terkandung di dalam tembang macapat banyak menyiratkan nilai-nilai yang diajarkan dalam Alquran. Sebagai contoh dalam Al Quran terdapat ayat yang berbunyi Kullu nafsin dzaaiqotul maut ‘setiap jiwa pasti akan mati’ yang dituangkan dalam macapat megatruh yang berarti berpisahnya antara ruh dan tubuh manusia. Dalam tembang macapat megatruh yang bermakna kematian, banyak disampaikan pesan agar setiap orang selalu berbuat amal kebaikan sebagai bekal kehidupan di akhirat nanti.

Pernahkah kalian mendengarkan orang membaca atau mendendangkan tembang macapat?
Biasanya macapat disenandungkan dengan nada-nada tertentu yang dirumuskan dalam beberapa aturan baku kesusasteraan Jawa.
Dalam tembang macapat terdapat aturan lagu yang berkaitan dengan watak isi tembang yang didendangkan.Setiap tembang mempunyai watak (karakteristik) yang berbeda dari jenis tembang yang lain. Misalnya, tembang asmarandana, tembang ini memiliki watak sedih, rindu, dan mesra sehingga apabila membacakan tembang itu, kita harus menggunakan nada yang sesuai dengan suasana yang terdapat dalam isinya. Oleh karena itu, pembaca tembang macapat harus mengerti watak tiap-tiap jenis
tembang macapat agar dapat mendendangkannya sesuai dengan isinya. Irama yang digunakan dalam membacakan tembang turut menentukan nilai keindahan tembang tersebut.

Sumber Buku Macapat Penulis Zahra

Sunday, 5 January 2020

Contoh (Tuladha) Naskah Geguritan Populer

Makantar-kantar
Mas Bey Puryono
Biyen aku isih cilik
Durung ngerti ala lan becik
Ngertiku mung seneng, seneng, lan seneng
Negara rusak ora tak sanak
Pranatan remuk aku ora ngrembug

Nanging
Saiki aku kudu ngerti
Apa kang kudu dakpecaki
Apa kang kudu dakdandani
Aku isih mudha kuwat cukat lan trengginas
Saka njero dhadhaku makantar-kantar semangat
Nggugat amrih negaraku kuwat

Abange getihku tandha labuh yektiku
Wani mbelani nglabuhi prajaku
Tembe buri turunku isih nganti-anti
Isih bakal marisi negara iki

Ayo sedulur mudha cancut taliwanda
Jejeg majune negara ing tanganira
Para muda tumaruna gawe jejege negara
Jaya para mudha, jaya nagri kita

Simpanglima
R.M.A Sudiyatmana
Tak kira aku iki ora ngimpi
Mlaku-mlaku ingin pinggiring swarga adi
Angin wengi
Ngliwati sela-selaning Mesjid Baiturrakhman
 Srebet sumilir dolanan klambi
Ing dhadha krasa lega
Mongkog melu duwe gedhong olahraga

Simpang Lima
Samar mubyar rinengga cahya
Muwuhi asrining swasana
Rembulane prawan mesem
Kaanane ayem tentrem
Pak gubernur penggalihe marem, rakyate nora kucem

Becak saktitahe
Apa kang ngaya nyengkut kue
Kedher-kedher mesining motor
Kumeplasing Honda Yamaha

Aku ngerti
Kabeh kuwi
Nanging ora tumanem ing ati
Eling yen urip iki
Ngumbara sawatara
Neng gisiking samodra raya

Mula jiwa ragaku
Aja kakehan punika
Among jumbuhna
Karo gelaring alam ing sanyatane
Iya kana iya kene
Tanpa wangenan
Tanpa pungkasan
Tanpa tembe

Aku Pengin Bali Cilik Maneh
Widiyartono R.
Sok sapa wae mesthi duwe
Mangsa-mangsa endah jroning uripe
Semono uga aku, keparenga crita
Bab mangsa-mangsa endah kala mudha rumaja

Sekolahku ing ndesa
Dolanan kasti lan senam irama
Uga latihan koor bebarengan kanca
Kanggo ngisi acara ing greja
Asmayunah dirigen peng-pengan
Swarane ulem tanpa tandhingan
Mimpin padhuan suara
Ngisi ibadah ing greja

Dina Setu sinebut Hari Kridha
Bocah-bocah nggawa sapu, pacul, lan apa sing ana
Banjur bebarengan ngresiki langgar desa
Bah Kiem An sing duwe toko ing prapatan
Mesthi ajeg ngirim panganan
Banjur dikepung bebarengan
Sabubare ngrampungke gaweyan

Aku uga sering kemah barengan
Ngliwet nganggo panci saka klapa
Ngedegake kemah lan tali-temali Pramuka
Maca Dasa Darma lan Pancasila
Ora tau mikir agamane apa
Ora nggagas dheweke Cina apa Jawa

Wingi pas nekani reuni
Aku ketemu Hajjah Asmayunah
Nganggo jilbab dhuh ayune uleng-ulengan
Biyen Asmayunah mimpin nyanyi ing greja
Nanging tan nate owah iman Islame
Saiki wis hajjah kebak iman takwane

Aku ya ketemu Kwat Siang sing bar pegatan
Saiki meneng-meneng nyedhaki Nurhayati
Sing wis randha merga bojone mati
Uga ana Gunarto, murid paling mrosal kala semana
Saiki dadi ustad nyambi tukang pijet
Aku sakanca ra tau ana sekat agama
Ra tau mikir Arab, Cina, utawa Jawa

Bali saka reuni, aku kaget setengah mati
Ana bocah cilik dijorogake kancane
Tiba krungkeb dleweran getihe
Sing njorogake muni sora
“Kowe karo aku beda agama”

Mrangguli bab iki aku dadi kepingin dadi
Bocah cilik kaya dhek jaman kawuri
Mangsa-mangsa kang kebak sukarena
Kekancan ra nyawang agama
Rukun tanpa mikir aku kuwi Arab, Cina, apa Jawa
Apa maneh kok nganti ngungkit bab pribumi
Lha kowe kuwi cah ngendi?

Bocah-bocah saiki kae sing ngajari sapa?
Mbok menawa kuwi kesalahanku
Kesalahane awake dhewe




Siti Purwati, S.Pd.
Kelangan
Mbok, neng endi aku saiki yen arep playon?
Latar omah wis ora ana
Lapangan wis dadi mall

Mbok, neng endi aku saiki arep penekan?
Wit-wit wis ditegori
Dadi omah cekli lan pabrik

Mbok, neng endi aku saiki arep ciblon?
Kali-kali banyune wis butheg
Kali-kali mili umpluk

Mbok, aku kepengin dolanan motor-motoran
Saka kulit jeruk
Apa isih ana, mbok?

Mbok, aku kepengin
Padhang mbulan dolanan neng latar
Padhange kaya rina
Nanging aku wedi, mbok
Mbulane wis ora padhang
Mbulane ana butane
Butane doyan bandha
Bandhane negara

Kuthaku Owah ing Mangsa
Widiyartono R.
Srengenge isih kumat medhite
Eman nyunarake cahyane
Kepara malah negakake
Mendhung ngendhanu
Mepeti suwiran cahya sunare

Langit lagi wegah dijak bebrayan
Pedhut peteng lelimengan
Katon yen sedhela maneh bakal udan
Angin sumiyut ora kaya padhatan
Nyempalake pang ngebrukake wit-witan

Ing gisik kana prau-prau cinancang
Ora ana kang wani nrajang
Alun kang wis malih ombak
Ora ana sing mangkat misaya iwak

We la kae banyune rob teka
Ngelep omah-omah ing pinggiring segara
Sing manggon sambat wis ora bisa
Kaya mangkene iki kahanan biyasa

Kuthaku wis malih rupa
Saya owahe mangsa
Saya akeh kang antuk sengsara

Muga isih ana pangarep
Supaya ora padha sirep
Ing wektu-wektu ngarep

Sm. 23 Januari 2013

Paman Tani Jawa Purwa
R.M.A. Sudiyatmana
Paman tani jawa purwa
Sawahe ayu bojone amba

Wis suwe anggone cecawis
Iguh pretikel bau suku lan bandha beya
Cepak wiji nggarap lemah gawe kalenan

Galengan gineleng ginantha cetha
Nggalur nggaler nabet ing nala
Dadi kothak-kothakan pepanthanging karya
Sineling lanjaran lunglungan
Sarta palawija sawatara

Rabuk rumesep sumesep ing toya
Kaisep oyod-oyoding dami
Ing pantaraning rina ratri

Banjur dumulur
Nglilir gumadhung ledhung-ledhung
Mecuti mratak meteng sigra tumungkul

Kabeh kuwi kanugrahan
Kang ginelar ing sadhengah pakaryan
Kang binudi kanthi kapitayan lan kasregepan
Paman tani jawa purwa
Sawahe ayu bojone amba

Wednesday, 1 January 2020

Wacan Deskripsi "Bathik"

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-pepprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, utawa barang. Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskriptif subjektif kosok baline, yaiku anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.
Kahanan ruang: ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute.
Kahanan barang: maneka warna kembang ing Taman Balekambang, prau-prau ing Pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti praktek ing laboratorium, alat transportasi lan sapiturute.
Proses: proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik lingkungan sekolah, ngopeni lan ngrembakake tanduran, njaga kelestarian sumber daya alam. Tuladha karangan deskripsi.


Bathik

Bathik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake. Pangolahing Bathik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal Bathik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang narik kawigaten. Jijising corak Bathik ing antarane kayata: Bathik kraton, sida mukti,kawung lan sapiturute.Bathik kraton mula bukane ginawe dening para pemBathik kang dumunung ing sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang barong, parang rusak, lan udan liris.
Bathik sida mukti yaiku motif corak Bathik kang lumrahe ginawa saka zat pewarna soga alam. Bathik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corakBathik kang kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti duwe makna filosofis ngandhut pengarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Bathik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper klapa utawa woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak Bathik kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak kawung kang ginambar saemper bunderan cilik-cilik. Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka corak picis. Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih gedhe lan pangajine setengan sen.

batik motif ceplokan daun carica khas Dieng Wonosobo

 Parang Solo             Parang Yogya 


Udan Liri Yogya                                       Truntum Solo

Kawung




Wednesday, 27 February 2019

Contoh Wedding Invitation (Serat Ulem Mawi Digital)

Jaman sakmenika menapa kemawaon sampun ngginakaken teknologi, menapa kemawon sampun lumantar teknologi utawi kang asring dipun sebat era digitalisasi. salah satunggaling tuladha kang migunakaken digital nggih menika serat ulem utawi undhangan. Undhangan dipun sebar lumantar teknologi digital. biaya kang dipun ginakaken langkung mirah amargi boten cethak kertas malih.
ing ngisor iki tuladha undhangan digital.







Tuesday, 26 February 2019

Penerapan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa

Bahasa Jawa merupakan bahasa yang mengenal adanya tingkat tutur atau undha-usuk basa atau unggah-ungguh basa jawa. Adanya tingkat tutur dalam bahasa Jawa merupakan adat sopan santun berbahasa Jawa. Adat sopan santun ini mencerminkan perilaku kebahasaan yang sebenarnya juga tercermin dari perilaku masyarakat.
Seperti telah diungkapkan bahawa tingkat tutur bahasa jawa semakinsederhana. Tingkat tutur bahasa jawa di golongkan menjadi dua, yaitu ngoko dan krama . Ngoko dibagi menjadi dua yaitu ngoko lugu dan ngoko alus, begitupun dengan krama yaitu krama lugu dan krama alus.

Bahasa merupakan sebuah keterampilan, supaya lancar dalam berbahasa harus sering dipraktekkan dan digunakan setiap hari.

Saturday, 16 February 2019

Diskripsi Rumah Adat Jawa

a.      Model-model umah adat Jawa













b.      Perangan omah Jawa joglo


Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku:

1.  Teras utawa Pendhapa
Dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.

2. Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.

3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ini nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dir/embug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.   

4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).

Perangan omah wujud tajug ( masjid )
  1. Mikrab yaiku papan kanggo imam sholat
  2. Liwan yaiku papan kanggo jemaah sholat
  3. Emper yaiku papan kanggo jemaah sholat menawa liwan wis kebak. Emper ana kiwa, tengen, lan ngarep.
  4.  Papan wudhu
  5. Pekiwan ( kamar mandi / WC )

b.      Wacana deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi gegambaran saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha. Cethane wacana deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
      Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Wacana deskripsi ana kang diarani wacana deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Saliyane iku uga ana wacana deskripsi kang diarani wacana deskripsi subjektif yaiku kosok baline saka deskripsi objektif, yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka penulis. Becik lan orane wacana deskripsi iku gumantung saka panulise, amarga saya pinter lan cetha anggone nggambarake kahanan bakal saya cetha para pamaca anggone ngreteni.

Wednesday, 13 February 2019

Tembang Sinom "Serat Wedhatama"


1.       Pangertene tembang Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

2.       Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
9
8
i
8
a
8
i
7
i
8
u
7
a
8
i
12
a

3.       Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.

4.       Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

5.       Tuladha tembang Sinom
5
6
6
6
6
6
6
6




nu-
ladh-
a
la-
ku-
u-
ta-
ma




5
6
6
4
5
6
j65
5




tu-
mrap-
e
wong
ta-
nah
Ja-
wi




5
6
6
6
5
3
3
j21




wong
A-
gung
ing
Ngèk-
si-
gan-
da




1
2
3
2
1
y
t
y




Pa-
nêm-
bah-
an
Se-
na-
pa-
ti




1
2
2
2
2
1
j23





ka-
pa-
ti
a-
mar-
su-
di





1
1
1
2
1
y
1
2




su-
da-
ning
ha-
wa
lan-
nêp-
su




y
1
1
1
1
1
1





pi-
nê-
su
ta-
pa
bra-
ta





1
2
3
2
1
y
t
y




ta-
na-
pi
ing
si-
yang
ra-
tri




y
1
2
3
2
2
2
2
3
j21
y
j12
a-
mê-
ma-
ngun
kar-
ye-
nak
tyas-
ing
sa-
sa-
ma

apakah anda mencari RPP 1 lembar atau RPP masa pandemi? berikut contoh RPP Masa Pandemi untuk SMK Kelas XII semua mata pelajaran.

Berikut dan atau di bawah ini merupakan link download perangkat pembelajaran (RPP) masa pandemi (1 lembar) untuk SMK Kelas XII Semester Ganj...