Monday, 9 March 2020
Sunday, 5 January 2020
Contoh (Tuladha) Naskah Geguritan Populer
Makantar-kantar
Mas Bey Puryono
Biyen
aku isih cilik
Durung
ngerti ala lan becik
Ngertiku
mung seneng, seneng, lan seneng
Negara
rusak ora tak sanak
Pranatan
remuk aku ora ngrembug
Nanging
Saiki
aku kudu ngerti
Apa
kang kudu dakpecaki
Apa
kang kudu dakdandani
Aku
isih mudha kuwat cukat lan trengginas
Saka
njero dhadhaku makantar-kantar semangat
Nggugat
amrih negaraku kuwat
Abange
getihku tandha labuh yektiku
Wani
mbelani nglabuhi prajaku
Tembe
buri turunku isih nganti-anti
Isih
bakal marisi negara iki
Ayo
sedulur mudha cancut taliwanda
Jejeg
majune negara ing tanganira
Para
muda tumaruna gawe jejege negara
Jaya
para mudha, jaya nagri kita
Simpanglima
R.M.A Sudiyatmana
Tak
kira aku iki ora ngimpi
Mlaku-mlaku
ingin pinggiring swarga adi
Angin
wengi
Ngliwati
sela-selaning Mesjid Baiturrakhman
Srebet sumilir dolanan klambi
Ing
dhadha krasa lega
Mongkog
melu duwe gedhong olahraga
Simpang
Lima
Samar
mubyar rinengga cahya
Muwuhi
asrining swasana
Rembulane
prawan mesem
Kaanane
ayem tentrem
Pak
gubernur penggalihe marem, rakyate nora kucem
Becak
saktitahe
Apa
kang ngaya nyengkut kue
Kedher-kedher
mesining motor
Kumeplasing
Honda Yamaha
Aku
ngerti
Kabeh
kuwi
Nanging
ora tumanem ing ati
Eling
yen urip iki
Ngumbara
sawatara
Neng
gisiking samodra raya
Mula
jiwa ragaku
Aja
kakehan punika
Among
jumbuhna
Karo
gelaring alam ing sanyatane
Iya
kana iya kene
Tanpa
wangenan
Tanpa
pungkasan
Tanpa tembe
Aku Pengin Bali
Cilik Maneh
Widiyartono R.
Sok
sapa wae mesthi duwe
Mangsa-mangsa
endah jroning uripe
Semono
uga aku, keparenga crita
Bab
mangsa-mangsa endah kala mudha rumaja
Sekolahku
ing ndesa
Dolanan
kasti lan senam irama
Uga
latihan koor bebarengan kanca
Kanggo
ngisi acara ing greja
Asmayunah
dirigen peng-pengan
Swarane
ulem tanpa tandhingan
Mimpin
padhuan suara
Ngisi
ibadah ing greja
Dina
Setu sinebut Hari Kridha
Bocah-bocah
nggawa sapu, pacul, lan apa sing ana
Banjur
bebarengan ngresiki langgar desa
Bah
Kiem An sing duwe toko ing prapatan
Mesthi
ajeg ngirim panganan
Banjur
dikepung bebarengan
Sabubare
ngrampungke gaweyan
Aku
uga sering kemah barengan
Ngliwet
nganggo panci saka klapa
Ngedegake
kemah lan tali-temali Pramuka
Maca
Dasa Darma lan Pancasila
Ora
tau mikir agamane apa
Ora
nggagas dheweke Cina apa Jawa
Wingi
pas nekani reuni
Aku
ketemu Hajjah Asmayunah
Nganggo
jilbab dhuh ayune uleng-ulengan
Biyen
Asmayunah mimpin nyanyi ing greja
Nanging
tan nate owah iman Islame
Saiki
wis hajjah kebak iman takwane
Aku
ya ketemu Kwat Siang sing bar pegatan
Saiki
meneng-meneng nyedhaki Nurhayati
Sing
wis randha merga bojone mati
Uga
ana Gunarto, murid paling mrosal kala semana
Saiki
dadi ustad nyambi tukang pijet
Aku
sakanca ra tau ana sekat agama
Ra
tau mikir Arab, Cina, utawa Jawa
Bali
saka reuni, aku kaget setengah mati
Ana
bocah cilik dijorogake kancane
Tiba
krungkeb dleweran getihe
Sing
njorogake muni sora
“Kowe
karo aku beda agama”
Mrangguli
bab iki aku dadi kepingin dadi
Bocah
cilik kaya dhek jaman kawuri
Mangsa-mangsa
kang kebak sukarena
Kekancan
ra nyawang agama
Rukun
tanpa mikir aku kuwi Arab, Cina, apa Jawa
Apa
maneh kok nganti ngungkit bab pribumi
Lha
kowe kuwi cah ngendi?
Bocah-bocah
saiki kae sing ngajari sapa?
Mbok
menawa kuwi kesalahanku
Kesalahane awake
dhewe
Siti
Purwati, S.Pd.
Kelangan
Mbok,
neng endi aku saiki yen arep playon?
Latar
omah wis ora ana
Lapangan
wis dadi mall
Mbok,
neng endi aku saiki arep penekan?
Wit-wit
wis ditegori
Dadi
omah cekli lan pabrik
Mbok,
neng endi aku saiki arep ciblon?
Kali-kali
banyune wis butheg
Kali-kali
mili umpluk
Mbok,
aku kepengin dolanan motor-motoran
Saka
kulit jeruk
Apa
isih ana, mbok?
Mbok,
aku kepengin
Padhang
mbulan dolanan neng latar
Padhange
kaya rina
Nanging
aku wedi, mbok
Mbulane
wis ora padhang
Mbulane
ana butane
Butane
doyan bandha
Bandhane
negara
Kuthaku
Owah ing Mangsa
Widiyartono R.
Srengenge
isih kumat medhite
Eman
nyunarake cahyane
Kepara
malah negakake
Mendhung
ngendhanu
Mepeti
suwiran cahya sunare
Langit
lagi wegah dijak bebrayan
Pedhut
peteng lelimengan
Katon
yen sedhela maneh bakal udan
Angin
sumiyut ora kaya padhatan
Nyempalake
pang ngebrukake wit-witan
Ing
gisik kana prau-prau cinancang
Ora
ana kang wani nrajang
Alun
kang wis malih ombak
Ora
ana sing mangkat misaya iwak
We
la kae banyune rob teka
Ngelep
omah-omah ing pinggiring segara
Sing
manggon sambat wis ora bisa
Kaya
mangkene iki kahanan biyasa
Kuthaku
wis malih rupa
Saya
owahe mangsa
Saya
akeh kang antuk sengsara
Muga
isih ana pangarep
Supaya
ora padha sirep
Ing
wektu-wektu ngarep
Sm.
23 Januari 2013
Paman Tani Jawa
Purwa
R.M.A. Sudiyatmana
Paman
tani jawa purwa
Sawahe
ayu bojone amba
Wis
suwe anggone cecawis
Iguh
pretikel bau suku lan bandha beya
Cepak
wiji nggarap lemah gawe kalenan
Galengan
gineleng ginantha cetha
Nggalur
nggaler nabet ing nala
Dadi
kothak-kothakan pepanthanging karya
Sineling
lanjaran lunglungan
Sarta
palawija sawatara
Rabuk
rumesep sumesep ing toya
Kaisep
oyod-oyoding dami
Ing
pantaraning rina ratri
Banjur
dumulur
Nglilir
gumadhung ledhung-ledhung
Mecuti
mratak meteng sigra tumungkul
Kabeh
kuwi kanugrahan
Kang
ginelar ing sadhengah pakaryan
Kang
binudi kanthi kapitayan lan kasregepan
Paman
tani jawa purwa
Sawahe ayu bojone
amba
Wednesday, 1 January 2020
Wacan Deskripsi "Bathik"
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-pepprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, utawa barang. Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskriptif subjektif kosok baline, yaiku anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.
Kahanan ruang: ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute.
Kahanan barang: maneka warna kembang ing Taman Balekambang, prau-prau ing Pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti praktek ing laboratorium, alat transportasi lan sapiturute.
Proses: proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik lingkungan sekolah, ngopeni lan ngrembakake tanduran, njaga kelestarian sumber daya alam. Tuladha karangan deskripsi.
Bathik
Bathik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake. Pangolahing Bathik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal Bathik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang narik kawigaten. Jijising corak Bathik ing antarane kayata: Bathik kraton, sida mukti,kawung lan sapiturute.Bathik kraton mula bukane ginawe dening para pemBathik kang dumunung ing sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang barong, parang rusak, lan udan liris.
Bathik sida mukti yaiku motif corak Bathik kang lumrahe ginawa saka zat pewarna soga alam. Bathik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corakBathik kang kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti duwe makna filosofis ngandhut pengarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Bathik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper klapa utawa woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak Bathik kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak kawung kang ginambar saemper bunderan cilik-cilik. Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka corak picis. Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih gedhe lan pangajine setengan sen.
![]() |
batik
motif ceplokan daun carica khas Dieng Wonosobo
|
![]() |
| Parang Solo Parang Yogya |
![]() |
| Udan Liri Yogya Truntum Solo |
![]() |
Kawung
|
Thursday, 28 February 2019
Wednesday, 27 February 2019
Contoh Wedding Invitation (Serat Ulem Mawi Digital)
Jaman sakmenika menapa kemawaon sampun ngginakaken teknologi, menapa kemawon sampun lumantar teknologi utawi kang asring dipun sebat era digitalisasi. salah satunggaling tuladha kang migunakaken digital nggih menika serat ulem utawi undhangan. Undhangan dipun sebar lumantar teknologi digital. biaya kang dipun ginakaken langkung mirah amargi boten cethak kertas malih.
ing ngisor iki tuladha undhangan digital.
Tuesday, 26 February 2019
Penerapan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa
Bahasa Jawa merupakan bahasa yang mengenal adanya tingkat tutur atau undha-usuk basa atau unggah-ungguh basa jawa. Adanya tingkat tutur dalam bahasa Jawa merupakan adat sopan santun berbahasa Jawa. Adat sopan santun ini mencerminkan perilaku kebahasaan yang sebenarnya juga tercermin dari perilaku masyarakat.
Seperti telah diungkapkan bahawa tingkat tutur bahasa jawa semakinsederhana. Tingkat tutur bahasa jawa di golongkan menjadi dua, yaitu ngoko dan krama . Ngoko dibagi menjadi dua yaitu ngoko lugu dan ngoko alus, begitupun dengan krama yaitu krama lugu dan krama alus.
Bahasa merupakan sebuah keterampilan, supaya lancar dalam berbahasa harus sering dipraktekkan dan digunakan setiap hari.
Saturday, 16 February 2019
Diskripsi Rumah Adat Jawa
a.
Model-model umah
adat Jawa

b.
Perangan omah Jawa joglo
Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo,
nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom,
joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo
Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis
gumathok, ing antarane yaiku:
1. Teras utawa Pendhapa
2. Pringgitan
3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki
minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional
Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat
luwih tinutup (privasi). Ini nuduhake
lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu
ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu
bisa njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing
sajroning kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dir/embug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara
musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.
5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
Perangan omah wujud tajug ( masjid )
- Mikrab yaiku papan kanggo imam sholat
- Liwan yaiku papan kanggo jemaah sholat
- Emper yaiku papan kanggo jemaah sholat menawa liwan wis kebak. Emper ana kiwa, tengen, lan ngarep.
- Papan wudhu
- Pekiwan ( kamar mandi / WC )
b.
Wacana deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo
pambudi dayane penulis kanggo menehi gegambaran saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan
sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake
asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Wacana iki njlentrehake
sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut.
Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal
pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.
Cethane wacana deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi
cetha salah sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa
ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Saliyane kuwi, karangan
deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang
sanyatane. Wacana deskripsi ana kang diarani wacana deskripsi objektif yaiku
salah sawijine jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake objek mau ora
dikantheni karo opini saka penulis. Saliyane iku uga ana wacana deskripsi kang
diarani wacana deskripsi subjektif yaiku kosok baline saka deskripsi objektif,
yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka penulis. Becik
lan orane wacana deskripsi iku gumantung saka panulise, amarga saya pinter lan
cetha anggone nggambarake kahanan bakal saya cetha para pamaca anggone
ngreteni.
Wednesday, 13 February 2019
Tembang Sinom "Serat Wedhatama"
1.
Pangertene tembang Sinom
Sinom
iku ateges anom, taruna, srinata, roning
kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke
godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo
pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2.
Pathokan tembang Sinom
SINOM
|
||
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
8
|
a
|
9
|
8
|
i
|
|
8
|
a
|
|
8
|
i
|
|
7
|
i
|
|
8
|
u
|
|
7
|
a
|
|
8
|
i
|
|
12
|
a
|
|
3.
Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom
iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah,
nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.
4.
Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude
enom. Tembang iki nggambarake wayah
enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen
nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung
kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih
jejaka/prawan.
5.
Tuladha tembang Sinom
5
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
||||
nu-
|
ladh-
|
a
|
la-
|
ku-
|
u-
|
ta-
|
ma
|
||||
5
|
6
|
6
|
4
|
5
|
6
|
j65
|
5
|
||||
tu-
|
mrap-
|
e
|
wong
|
ta-
|
nah
|
Ja-
|
wi
|
||||
5
|
6
|
6
|
6
|
5
|
3
|
3
|
j21
|
||||
wong
|
A-
|
gung
|
ing
|
Ngèk-
|
si-
|
gan-
|
da
|
||||
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
y
|
t
|
y
|
||||
Pa-
|
nêm-
|
bah-
|
an
|
Se-
|
na-
|
pa-
|
ti
|
||||
1
|
2
|
2
|
2
|
2
|
1
|
j23
|
|||||
ka-
|
pa-
|
ti
|
a-
|
mar-
|
su-
|
di
|
|||||
1
|
1
|
1
|
2
|
1
|
y
|
1
|
2
|
||||
su-
|
da-
|
ning
|
ha-
|
wa
|
lan-
|
nêp-
|
su
|
||||
y
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
|||||
pi-
|
nê-
|
su
|
ta-
|
pa
|
bra-
|
ta
|
|||||
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
y
|
t
|
y
|
||||
ta-
|
na-
|
pi
|
ing
|
si-
|
yang
|
ra-
|
tri
|
||||
y
|
1
|
2
|
3
|
2
|
2
|
2
|
2
|
3
|
j21
|
y
|
j12
|
a-
|
mê-
|
ma-
|
ngun
|
kar-
|
ye-
|
nak
|
tyas-
|
ing
|
sa-
|
sa-
|
ma
|
Subscribe to:
Posts (Atom)
apakah anda mencari RPP 1 lembar atau RPP masa pandemi? berikut contoh RPP Masa Pandemi untuk SMK Kelas XII semua mata pelajaran.
Berikut dan atau di bawah ini merupakan link download perangkat pembelajaran (RPP) masa pandemi (1 lembar) untuk SMK Kelas XII Semester Ganj...
-
Pitutur Luhur asale saka tembung "Pitutur" kang tegese piwulang, piweling utawa tuntunan, lan “Luhur” kang tegese dhuwur, linuwi...
-
TEMBANG Tembang ing bahasa jawa krama bisa digunake kanggo menyebut sekar, sak liyane iku uga bisa digunakake kanggo nyebut tembang. Menawa ...








