SESORAH (PIDATO BERBAHASA JAWA)

Sesorah utawa medhar sabda utawa pidhato mesthi uwis kerep dirungokake. Sesorah padatane (biasa) digunakake ana ing adicara pengajian, upacara-upacara adat, lan adicara liyane. Basa kang digunakake nalika sesorah padatane nggunakake basa rinengga yaiku awujud basa kang endah.
Sesorah iku kanggo ngandharake sawijining pamanggih utawa gagasan ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan. Ana ing piwulangan iki arep nyinaoni babagan sesorah, babagan kang ana gayute karo sesorah

Pangerten Sesorah
Sesorah yaiku ngandharake sawijining pamanggihan utawa gagasan ana ing sangarepe wong akeh, anthi cara lisan lan kanthi ancas (tujuan) tinemtu. Dene ancase sesorah kuwi yaiku :
  1. Kanggo menehi pengerten/informasi marang wong liya kang ngrungokake sesorah
  2. Kanggo menehi panglipur/hiburan marang wong liya kang ngrungoake sesorah
  3. Ajak-ajak (persuasive).
Perangan Teks Sesorah
Purwaka Basa (pambuka)
  1. Salam pambuka, ana ing perangan pambuka sesorah yaiku ngaturake salam. Tuladha : Assalamu’alaikum wr.wb, Sugeng siyang, sungeng sonten, lsp.
  2. Atur pakurmatan, atur pakurmatan kanggo sing ana ing adicara mau, atur pakurmatan miturut saka kedudukan (pangkat) sing paling dhuwur.
  3. Atur puji syukur, atur puji syukur kagem Gusti ingkang Maha Agung
Surasa Basa (isi)
Bab kang wigati ingkang badhe diandharake
Wasana Basa (panutup)
  1. Dudutan (kesimpulan), kesimpulan saka sesorah sing kalawau diandharake.
  2. Pangarep-arep, ukara pepinginan utawa pangajak-ajak kagem wong sing ngrungokake miturut saka isi sesorah sing diandarake mau.
  3. Atur panuwun lan atur pangapura, sakdurunge di tutup wong sing sesorah kudu maringi atur panuwun lan atur pangapura kagem sing ngrungokake.
  4. Salam panutup
Nalika sesorah kudu nggatekake
  1. Surasa.isine nyata kang bisa dinalar lan bener
  2. Basa kang digunakake kudu trep karo unggah-ungguh basa
  3. Perangan sesorah kudu jangkep
  4. Ukara kang digunakake yaiku prasaja, ringkes, lan ora nglantur
  5. Anggone ngandharake uga kanthi euntut lan gamblang
  6. Menawa wis dadi diteliti maneh supasa ora ana sing salah
Bab-bab wigati nalika sesorah
  1. Wicara, nalika ngandharake sesorah pamicara kudu nggatekake vocal, lafal, lan pangucapane kudu cetha. Bisa mbedakake antarane aksara konsonan “ta lan tha”, “da lan dha”. Lan bisa mbedakake suara vokal a,i,u,e,o.
  2. Wirama, yaiku intonasi. Nalika ngandharake sesorah , pamicara/ pamedhar sabda uga kudu ngatekake munggah-mudhune lan bater-landhete swara. Lan pamicara kudu bisa nggunakake intonasi kang jumbuh karo papan lan acarane. Bisa uga divariasi supaya kang mirengake ora bosen.
  3. Wiraga, iku bab wigati kang kudu digatekake nalika ngandharake sesorah. Pamicara kudu bisa empan papan (numbuhake busana lan swara utawa adicarane). Nalika ana ing acara nganten pamicara kudu nggunakake beskap/jas/batik. Nalika jumeneng (ngadeg) ana ing podium utawa panggung uga kudu nggatekake solah bawa. Jumeneng kanthi jejeg lan becike kanthi ngapurancang.
  4. Wirasa, yaiku gegeayutan karo rasa. Nalika sesorah pamicara uawa pamedhar sabda kudu ngrasakake apa sing diandharake. Kudu jumbuh kayata rasa, ekspresi, lan swarane. Menawa apa ing acara kang bungah kudu sumeh, menawa ana ing acara sedihih kayata kesripahan kudu ngandharaje sesorah kanthi trenyuh.
Carane Sesorah
  1. Kanthi maca sakutuhe, yaiku kanthi cara maca apa anane sesorah kang wis tinulis, cara iki lumrahe ditindakake dening panggawa Negara. Kejaba isine kudu bisa disesanggan, layange prelu disimpen (diarsipke).
  2. Kanthi apalan, yaiku nglantarake sesorah kanthi ngapalake laying sesorah kang tinulis. Sesorah iki lumrahe katindakake dening pawongan kang durung kulina, luwih-luwih kang isih gladhen. Awit isining laying sesorah ora ena kecer, mula wong sing nglantarake kudu bisa ngeneraken pikirane marang isining sesorah lan ora kena lalen,
  3. Kanthi pedoman (ekstemporan), yaiku nglantarake sesorah kanthi pepadoon lajering gagasan kang prelu diwedharake. Lajering gagasan cukup ditulis jroning sacuwuan kertas kaya dene “kretu nama”.
  4. Kanthi pandom iku, gagasan sawutuhe diler nalika nglantarake sesorah. Cara iki adate katindakake deng wong sing wis kulina lan jembar kawruhe.
  5. Kanthi cara dadaken (impromptu)
  6. Adate sesorah katindakake wong kang kasraya kanthi dadakan ing sawijing acara
Tuladha Sesorah
Pambuka
Assalammu’alaikum Wr. Wb.
Para bapak/ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan Kanca-kanca ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing ngriki. Ing dinten punika kula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.
Isi
mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.
Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minagka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.
Panutup
Kajawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi kareksikan. Mekaten sesorah ingkang saged kula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kula. Saking kawigatosanipun kula ngaturaken matur nuwun.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

Comments

Popular Posts