TEMBANG PANGKUR
Pangerten tembang Pangkur
Tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira, tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora gusra-grusu, lan tansah ngengenake nggibah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kuwasa.
Pathokan Tembang Pangkur
Tembang macapat kalebet jinising tembang tradhisional, amargi taksih ngginakake paugeran/ciri ingkang gumathok, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
- Guru gatra: Cacahing gatra saben satunggal pada
- Guru lagu : Tibaning swara ing pungkasane gatra
- Guru Wilangan : Cacahing wanda saben satunggal Gatra
Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute
Makna tembang Pangkur
Serat Wedhatama uga ngajarake tuntunan moral ing babagan nembah mring Kang Maha Kawasa. Ing kene diajarkae yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur (agama ageming aji). Saliyane iku, ngajarake babagan pemahaman marang Gusti (tan samar pamoring sukma). Carane kanthi ngeningake cipta lan menep sinimpen ing sajroning ati (sinukmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu). Yen bisa nggayuh kasebut, manungsa wis entuk kanugrahaning Gusti. Manungsas bisa dumunung ing alam kosong (bali alaming ngasuwung), bali ing asal-usule (mulih mula mulanira), ora mendem kahanan donya kang asipat ngereh menungsa liyane.
Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha. Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna gambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, bisa ngandhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kanga la. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.
Wos kang kamot ing tembang Pangkur (Wedhatama)
- Serat Wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pamangun karakter dhiri pribadi. Ngelmu iku ngajarake supaya nampa kanthi senenging ati yen dianggep bodho (bungah ingaran cubluk) lan tetep bungah yen diina/diece (sukeng tyas yen den ina). Ing kene uga aweh pamrayoga supaya kabecikan (puruita kang patut) marang wong wicaksana kang seneng tapa brata (sarjana kang martapi), kanggo mahami ngelmu kang sejati.
- Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika sosial, sabab minangka sawijining kuwajiban tumrap urip ing satengahing masyarakat. Ing kene diajarake supaya wong aja nganti tumindak kurang sopan lan santun ing pasatemon, mula bisa gawe isin (gonyak-ganyuk nglelingsemi) semono uga, aja tumindak sakarepe dhewe. Sipate, yen guneman tanpa dipikir luwih dhisik ora gelem dianggep bodho, lan seneng dialem. Wong kudu bisa empan papan (traping angganira) lan manut tatanan Negara (angger ugering keprabon).
- Serat Wedhatama ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar (ngandhar-andhar angendhukur, kandhane nora kaprah). Wong kang bodho iku seneng ongas (sombong) (anggung gumruggung) lang pengine dialem saben dina (ugunan sedina-dina). Wong kang cethek ngelmune lan ongas, wateke ketok nalika ngomong ora gelem kalah (lumuh asor kudu unggul), lan ngremehake wong liya.
Tuladha Tembang Pangkur
Paugeran kang tinemu ing tembang macapat
Laras : rasa thithingane gamelan saka swara cendhak nganti dhuwur
Laras Slendro : Laras kang nduweni titi laras cacahe 5 (1,2,3,5,6) -> (ji,ro,lu,ma,nem)
Laras Pelog : Laras kang nduwni 7 titi laras (1,2,3,4,5,6,7) -> (ji,ro,lu,pat,ma,nem,pi).
Laras pelog kaperang dadi 2 yaiku pelog barang lan pelog bem.
Cakepan : Tetembungan utawa unen-unen kang ana ing sajroning tembang.
Cengkok : Luk-lukane utawa munggah mudhune swara kanggo nembangake tembang macapat
Titi laras : wilangan/angka kang minangka gantine swara gamelan supados beda.
Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. Tuladhane pathet ing tembang macapat yaiku pelog pathet nem, pelog pathet barang, slendro pathet sanga, slendro pathet manyura, lan sapiturute.
Pedhotan yaiku pamedhote swara ing tengahing tembang ing saben larik. Pedhotan penting merga mujudake salah sijine ritme marakake tembang dadi endah, lan ngatur dawa cendhaking napas.
Basane basa Jawa anyar.
Isa ngadeg dhewe tanpa iringan gamelan.
Comments
Post a Comment